Galau Gentho (seri 17)


Ibarat situs internet, atimu ki wes tak bookmark. Tapi gandeng koneksi lelet yo tetep wae raiso tak bukak -_-

Dandanan nyentrik, ning gagal nyepik.

Iseh luwih kecut tok plengosi daripada mangan dondong sak kulite.

Dipegat kui cen ra enak, tapi iseh luwih ra enak dipegat lan ra nduwe serep. *eh

Pait kui nek wes dandan mbois jebul tetep ra digubris.

Ojo2 bribikanmu lengket kui mung mergo kepepet? *auwooo

Kui ki pacar opo dhemit? kok senengane ngejak mojok petengan neng ngisor uwit. *eh

Dumeh malem jumat, mesti njuk okeh sing ngarep engko nek turu diprimpeni mantan. *uhuk
Tak akoni, nek urusan dompet cen nggonaku kalah kandel, dibanding pupurmu. *eh

Saben aku moro ngomahmu, sing manggakke aku ki mesti malah mung keset, "welcome" -_-

Kui ki jane curiga, ning berkedok perhatian. *auwooo

Nyawang fotomu marai kangen, mbasan ketemu malah marai anyang-anyangen.

Kui ki pacar opo detektif sewaan? sithik2 kok curigaan.

Bapakmu mesti pendekar, ketoro omonganmu langsung menjurus meskipun lagi wae kenal.

Ora masalah untumu palsu, sing penting ojo tresnamu. *wesyeh

Pait kui nek wetenge ngelih, malah diapeli bocah sing ora dikarepke & ra mulih2.

Pacaran ki ora selalu berbanding lurus dengan perasaan, iso wae kui mung mergo mbangane raono kegiatan. *auwooo

Seko kadohan marai optimis, mbasan cedak bul marai pesimis.

Bapakmu mesti juragan kain, ketoro janjimu mesti mung gombal.  

3 comments:

  1. wakakkaka tanggung jawab tho raiso mandek iki le ngakak

    ReplyDelete
  2. Gan ane mau tanya artinya :
    Iyik :
    Mbangane :
    Njuk :
    Wangun :
    Jawab iya gan, mau buat referensi nih saya enggak tahu artinya maaf aja saya anak jakarta cuma sedikit bisa bahasa jawa :)

    ReplyDelete
  3. iyik=cerewet/banyak tingkah
    mbangane=dari pada
    njuk=langsung/terus
    wangun= keren/cocok

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...