Galau Gentho (seri 20)

Jangankan urusan hati, ha sempake kuwalik opo ora we kowe ra ngerti. *eh

Ibarat kendaraan, rem-e pancen kudu makan, dinggo ngawekani nek ujug2 ketemu tikungan. *uhuk

Tak akoni bodimu pancen semledot, ning ambu kringetmu marai untu cekot-cekot.

Nek mbribik atimu kui ibarat nggugah kuntilanak turu, ha yo ndasmu! *eh

Nek tresnane wes kendo ibarat kathok mulur, ha yo ojo mung tok sabuki tali kenur!

Jika mbribik hanya menimbulkan keputusasaan, ha mesti kowe mung bakal kembali gresek2 mantan :))
Asshhh, mbribik kowe ki malah mung marai dompet kempot, ati nglomprot!

Kui ki pacar opo komandan? saben arep ngopo2 kok kowe kudu laporan. *auwooo

Bapakmu mesti juragan timbangan, ketoro kowe opo2 itungan. *auwooo

Ibarat mesin, ra bakal ngerti piye karepmu nek mung terus2an tok batin!

Nyawang sing klambine semrawang, sing ngisor kejang2. *hus!!!

Nek bribikan kui ibarat toko obat, waaa ha mesti kowe njuk do macak sekarat.

Cinta yg pelit minta dikredit. *eh

Konangan selingkuh kui ibarat metu seko kamar mandi ning ora keset, ha yo kepleset. *auwooo

Sekolah we ono ekstrakulikuler je ben ra bosen, mosok pacaran ora? *eh

Pacar dudu, ning nek ra dikabari nesu. Wuuu wagu!

Pait kui nek tiwas dandan mlipit kathokan setrit, eee jebule mung dienjeb-i lambene sing njedit.

Avatar gonta-ganti ning iseh wae raono sing nyedaki. *hakdes

Lha nek cinta kui ibarat pagupon, ha yo pantes nek atimu kerep digabur. *auwooo

Wes lah, raono gunane kowe ngilo suwe2. Wong yo sing digagas ki mung dompetmu, dudu raimu. *hiyung

Tangane pacarmu bbm muni I love you, ning lambene lagi ngedep selingkuhan karo ngumbar bujuk rayu.

Kowe cen seksi nek nganggo tengtop ketat, ning kok jebul wulu kelekmu iseh do mrambat -_-

5 comments:

  1. hahaha ngakak tho! menghibur

    ReplyDelete
  2. Your blog is very useful for me,Thanks for your sharing.

    หนังออนไลน์

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...