Pegat Wae

Mungkin iki iso tok dadekne pertimbangan kenopo koe mending pegat wae karo pacarmu...

Nek engko pacarmu arep tok ampiri kok malah iseh ngeboti nonton serial korea, wes mending

Nek engko pacarmu tok ampiri kok kesuwen le dandan njuk ra metu2. Kui mesti minggat karo wong liyo lewat lawang mburi.

Nek engko pacarmu mbatalke malem minggon dengan alasan wetenge mules, kui mesti mau awan jajan lotis karo selingkuhane.

Nek engko pacarmu tok ampiri kok le semaur suarane bedo, koe kudu ati-ati, ojo-ojo pacarmu kelamine palsu.

Quote Gentho (seri 5)

Nek koe naksir lawan jenis, tp koe mung kebayang si dia ketika koe lg ngising. Wah ketoke kui firasat bahwa dia bukan jodoh yg baik buatmu.

Uwong sing berlagak sok tau mesti kakehan moco artikel2 perdukunan.

Atau mungkin uwong sing sok tau kui korban kekerepen nonton film detektif.

Luwih Penak Jomblo (seri 4)

Penyesalan selalu dtg terlambat. Koyo saiki koe lg meratapi isi dompetmu ludes digrogoti hama sing jenenge: Pacar. Modyar! :))

Pacaran: mung telat methuk we le diseneni iso ra rampung rong ndino. Jomblo: telat methuk? ra masalah to yo, pacar we dudu je!

Pacaran: lirak-lirik liyane iso diculek! Jomblo: lirak-lirik liyane diarani senam moto, ben sehat.

Galau Gentho (seri 5)

Gawakno pacarmu tai kucing. Karna nek lagi kasmaran kan jarene "tai kucing rasane coklat."

Tombo teko loro lungo, pacar lungo selingkuhan teko. *eh

Nyedaki koe ki ibarat mancing, nunggoni suwe ra nyantol2, mbasan nyantol kok ditarik malah pedooot.

Tingkah lakumu seruwet wulu kelekmu.

Aku pengen nduwe rambut kribo, ben iso tak nggo nyimpen atimu.

Cintamu tak sehangat banyu tremos.

Quote Gentho (seri 4)

Sejatine wong sing tangi isuk kui mbuka dalan rejeki luwih ombo, minimal entuk rejeki ambu sego goreng sing lg dimasak tanggamu.

Sungguh nelongso uripmu sing yah mene wes kepekso tangi mergo kudu nggugah pacare, nek ora engko wedi dipegat :)) Jirih! :)) [iki tak twit sekitar jam 4 isuk]

Nek pacarmu tiba2 nyenyengit & mancing2 koe nesu. Ati2, kui mesti sengojo ben koe megat de'e mergo de'e wes nduwe serep :))

Begitu pacarmu nyekel tanganmu, perlu diwaspadai, karena misi selanjutnya mesti adalah nyekel bagian2 liyane :))

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...