Luwih Penak Jomblo (seri 8)

Pacaran ki koyo ngombe kopi, pertama cen legi, tapi suwe2 lak yo njuk gari ampas to? pait.

Nek LDR njuk ngopo ki? tetep mung cekelan HP?! aaah gaya pacaran macam apa itu! amatir!

Nek do mbribik ki mesti seneng, tapi nek wes wayahe arep nembak mesti do ragu2. Makane, rasah nyoba2 sesuatu sing ra yakin.  

Sore2 ngene iki ki yo penake wedangan karo leha2, mosok malah repot2 njemput pacar mulih kuliah/kerjo.

Jika gebetanmu ternyata ora gelem tok pacari. Ha yo sukur! Salahe reko2 nduwe niat pacaran, durung2 lak wes loro ati to?  

Tangan loro nyekel HP kabeh. Sing tengen nggo nelpon pacare, disambi sing kiwo smsan kangsenan karo selingkuhan. Begitulah LDR.

Dadi pacar anyar kui mung bakal selalu dibandingke karo mantan.  

Quote Gentho (seri 15)

Nek koe mung nuruti golek pacar sing paling ayu/ganteng, maka niscaya koe bakal bangkrut!

Jangan menilai buku hanya dari covernya, tapi juga dari harganya. *eh  

Salah satu penyakit sing durung ono obate ki penyakit moto, moto duiten.  

Nek ono uwong sing pasrah ketika hubungan cintanya digantungin, sejatine uwong kui ora paham nek saiki ono tekhnologi hanger.

Pegat ki yo pegat, rasah njuk saling ngelek-elek neng mburi. Piye-piyeo kui ki mbiyen yo pacarmu we kok.

Apapun makanannya, kalau bisa dibayarin dia :D  

Ra Nduwe Pacar ki Pancen Masalah

Ra nduwe pacar ki pancen masalah, saben arep dolan bingung arep milih karo bribikan sing ndi.

Ra nduwe pacar ki pancen masalah, boros pulsa. Maklum, kabeh bribikan njaluk dibalesi siji2 je sms e.

Ra nduwe pacar ki pancen masalah. Dolan karo sing kae, sing kui cemburu, dolan karo sing kui, sing liyane cemburu, beginilah nasib primadona

Ra nduwe pacar ki pancen masalah, saben dino ono wae lawan jenis sing ngabari nek omahe lagi sepi.

Galau Gentho (seri 11)

Badar kangenku mergo kelingan ambu kelekmu.

Cangkemmu lunyu tenan koyo plorotan, janji2 ra tau dadi kasunyatan.

Nek nyawang Kenong, aku dadi kelingan slirane sing bathuke nonong. *seeer  

Sliramu ibarat Kendang, nek ra ditabuh ora nyuoro.  

Bodimu cen koyo gitar Spanyol, sayange kok yo cemilanmu odol.

Jebul atimu ki mung koyo lilin, karo sopo wae gampang leleh.  

Oalah, jebul Bapakmu ki dosen to, pantes aku nek nyawang koe kok mesti kelingan skripsi.

Cangkemmu konslet po? kok omonganmu byar pet ra konsisten.  

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...