Pegat Wae (seri 3)

nek pacarmu cemburu mergo koe twitteran karo aku. Krn sesungguhnya itu adalah cemburu yg tidak wajar.

Ngetes pacar ki gampang, coba kon nyawiki koe pas bar ngising. Nek ra gelem, jelas pacarmu ki mung gelem penake tok!

Wes ngerti saben dirampok karo pacare, lha kok iseh wae dipertahanke. Nek ra wong bodo ra mungkin kui. Ha mbok

Serukan perdamaian! Jangan ada pertengkaran! Dadi nek koe mung poda-padu wae karo pacarmu, yo luwih becik  

Jika pacarmu sering membelaimu dgn tangan kiri, kui jelas pelecehan! Soale kui mesti karo mbayangke lagi cawik.

PENGUMUMAN: Pemenang Sayembara #GamelanTho

Ok tho, inilah saat yang ditunggu-tunggu, pengumuman pemenang sayembara #GamelanTho yang kemaren telah berlangsung selama 2 minggu. Pemenang dipilih berdasarkan beberapa kriteria, salah satu yang terpenting adalah sing ora "teks book" banget :)

Dipilih 5 pememang dan para pemenang bakal entuk hadiah seko @GamelanLovers berupa paket merchand. Juara 1 sampai 3 entuk paket Kaos, Tas & Pin. Juara 4 dan 5 entuk paket Tas & Pin.

Ok langsung wae, ikiiih wong-wongane sing do menang:

JUARA 1

@Caesar_andy









JUARA 2

@wahyucat









JUARA 3
 
@AnindhitoAD









JUARA 4

@dhyvalicious









JUARA 5

@yuvudhovoo










Yak, selamat bagi para pemenang, silahkan segera cek DM Twitter anda! Sing durung menang ora usah kuciwo, karena partisipasimu juga sangat penting dalam sayembara iki, sesuk2 aku bakal gawe kuis2 liyane :) Matur nuwun banget dinggo kabeh sing wes berpartisipasi.

Salam Spirit Gamelan dari gojekgentho & @GamelanLovers

Quote Gentho (seri 12)

Rentenir kae gaweane ngutangi, ampuh banget yo? lha bendino nganggokne kutang dinggo uwong je, lak yo sueger kui.

Kenopo dijenengi pitik? yo soale mangan katul. Nek mangan konco yo jenenge pengkhianat

Nek naksir ki yo diomongke tho, ojo mung dibatin! Sing mbatin njuk metu suarane dewe ki mung neng film2, nek kasunyatan yo ora!  

Nek ono wong pacaran kok malah mung neng-nengan, mungkin tangan mereka yang sedang berbicara. *hus!!!

Alam semesta kudu dihargai tho, mulakno sing do nduwe kebiasaan ngising sak nggon2 ki mbok yo dilereni, minimal sangu kresek.  

Cinta kok dipaksakan, rumangsamu romusha po piye?!

Obrolan Gagal (seri 8)

Tho, pacarku ampuh tenan! | lha piye Jo? | lha mangan ki mbayare mung nganggo password je, ora nganggo duit | kui jenenge ngebon Jo -_- | oh

Mbok move on Jo, ben ra galau | piye arep move on wong kahanane koyo ngene | lha piye to? | lha ak ki ndi lor ndi kidul we ra paham je | -_-

Aku jane pengen pasang behel Tho | ha mbok iyo Jo | tapi iseh ragu2 je | lha ngopo? | lha aku wedhi nek marai tetanes | Jo!!!

Jo, bapakne pacarmu ki juragan lemari po? | lha ngopo je Tho? | lha pacarmu mambu kapur barus je | woh koe Tho!

Tho, wes nonton sepep teranyar rung? | weleh, emang sing ndi Jo? | sing judule 3gp kui lho | ealah Jooo, koe ki polos po pekok je -_-

Tips Gentho (seri 2)

Nek koe rumongso mrongos, ngepit nyebrang ndalan rasah ngeplang, gari mengo wae untumu wes mewakili ngeplang, ngirit tenogo.

Nek kelekmu gampang teles, ngempit kanebo wae. Efektif luwih nyerap mbangane tuka-tuku deodorant sing kasiate durung mesti ampuh

Golek pacar ki ojo sing manis, marai diabetes.  

Nek koe nduwe darah rendah, obate gampang. Ngingu pacar wae, engko lak njuk darah tinggi.

Ojo lelungan nganggo pakaian sing mini & seksi nek durung siap dipecicili.  

Ojo megat pacarmu neng njero angkot. Kurang bejane nek de'e ra trimo njuk koe dibengoki copet, ha digebuki wong sak angkot koe.  

Ojo megat pacarmu pas lg motoran/mobilan. Kurang bejane koe didunke ndalan, digabur koyo wong ilang.  

Galau Gentho (seri 9)

Bejo bar nginjen pacare adus, bukane seneng tapi malah njuk girap2. Soale Bejo dadi ngonangi bahwa ternyata pacare kui juga lanang.

Sakjane aku ki naksir koe, sayange kelekmu akeh tumane.

Cinta ki ibarat cawet. Nek terlalu longgar marai nylempit, terlalu ketat marai ngringet. Dadi yo kudu pas, ben aman & nyaman.

Nek kimcil2 ngalor ngidul nggembol kamera DSLR kae jan-jane iso nganggo tenan opo ora yo? Ojo2 kui dikiro bandul kalung -_- 

Ibarat mobil sing lelungan adoh, kudu nduwe ban serep. Begitu juga dengan LDR :D  

Quote Gentho (seri 11)

Pengen weruh rai2 mesum ra? Ha yo deloken raine pacarmu nek pas lg bareng koe, yo ngono kui bentuke rai2 mesum.

Sungguh cara move on paling bener kui yo nganggo sandal utowo sepatu, nek nyeker yo mlonyoh nyuk sikilmu! panase koyo ngene je.

Pasang behel kui juga salah satu metode move on, bagi yang giginya mrongos.

Mlaku2 karo pacare gandengan tangan kui biasa, nek wani mbok gendong-gendongan.  

Nek kiro2 koe rung ahli nyipok, yo ajar disik karo liyane, dadi engko nek pas karo pacarmu ki koe wes canggih. *hus!!! *ngawurwae!

Cek sek kono, sopo ngerti pacarmu lagi kangen-kangenan karo mantane :))

Nek sesuk koe dadi wong penting, yo rasah pamer tho. Ibarat silit, kui penting tapi kan yo ora njuk tok pamer-pamerke to? kecuali koe sarap.

Fethomena Pacar dan Tempat Makan Favoritnya

Monggo sing arep moco meneh kumpulan twitku tentang: Pacar & Tempat Makan Favoritnya. Selamat menyimak.

Nek pacarmu ngejak koe mangan neng warung sing sepi, iki tipe pacar sing utekke mesum, sopo ngerti ono kesempatan dlm kesempitan.  

Nek ngejak neng warung sing rame, iki jelas supoyo pacarmu iso karo lirak-lirik sing liyane, dalam rangka mencari selingkuhan.  

Nek koe dijak mangan neng omahe pacarmu mergo de'e masak, kui mung mergo mengharap pujianmu, caper kui.  

Nek pacarmu ngejak koe mangan neng omahe tanggane, jelas pacarmu tipe rela berkorban, rela isin demi koe.  

Nek pacarmu manut karo koe soal milih tempat makan, ha kui mesti mung ngarep supoyo tok bayari.  

Nek pacarmu sangu rantangan njuk ngejak mangan neng padang rerumputan, wah iki tipe pacar korban sinetron, macak romantis!  

Nek pacarmu ngejak koe mangan neng omahku, wah kui jelas janji palsu, . Wes yo semene sek kali ini, tak mangan sek :D

Sekian sek tho, salam :D

Luwih Penak Jomblo (seri 7)

LDR: bingung piye carane ben iso cepet ketemu. Jomblo: bingung piye carane ngatur jadwal supoyo kabeh bribikan iso ditemoni.

Pas pacaran, golek panggilan sayang dinggo masing2. Nek wes pegatan mesti lgsg golek pisuhan sing paling remuk dinggo masing2.

Nek gelem jujur, kabeh kaum pacaran ki mesti sok kangen masa2 jomblo. Ha modaro, salahe sopo pacaran.  

Nek LDR ki jane pacaran karo menungso opo karo HP je? ealah, kok le melas banget thooo.

Nek lagi bar jadian, saben dino hawane mesti pengen ketemu. Coba engko nek pegat, mesti saben dino onone mung pengen misuhi.  

Pacaran: nguntal tablet mergo mumet ngrasakne pacare. Jomblo: dolanan tablet mergo lg twitteran karo bribikan-bribikane. *eh

Obrolan Gagal (seri 7)

Mas, aku pgn ngingu kucing | wah, wulune ngregeti dik | ha wong raimu ngregeti uripku we aku ra tau protes kok! urik koe mas! | dik

Tau ga mas bedanya km sm kucing? | apa dik? *mesem2 | kl kucing dr jauh matanya cemlorot, kl kamu gigimu mas | wah , tak kiro rayuan je

Wah, ideku nggo ngetwit lg mampet iki dik :( | kene tak kancani mas, ben lancar :) | justru raimu kui je sing marai ideku soyo mampet | woh

Koe jare pinter boso inggris Tho? | wo jelaaas | nek ndasku mumet, boso inggrise opo Tho? | send nut send nut | walaaah -_-

Biasa wae jo, rasah mecicil koe karo aku! | ora tho, tenan | maksudku untumu kui lho, ket mau mecicili aku! | wah iki gawan bayi je tho -_-

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...