Quote Gentho (seri 11)

Pengen weruh rai2 mesum ra? Ha yo deloken raine pacarmu nek pas lg bareng koe, yo ngono kui bentuke rai2 mesum.

Sungguh cara move on paling bener kui yo nganggo sandal utowo sepatu, nek nyeker yo mlonyoh nyuk sikilmu! panase koyo ngene je.

Pasang behel kui juga salah satu metode move on, bagi yang giginya mrongos.

Mlaku2 karo pacare gandengan tangan kui biasa, nek wani mbok gendong-gendongan.  

Nek kiro2 koe rung ahli nyipok, yo ajar disik karo liyane, dadi engko nek pas karo pacarmu ki koe wes canggih. *hus!!! *ngawurwae!

Cek sek kono, sopo ngerti pacarmu lagi kangen-kangenan karo mantane :))

Nek sesuk koe dadi wong penting, yo rasah pamer tho. Ibarat silit, kui penting tapi kan yo ora njuk tok pamer-pamerke to? kecuali koe sarap.


Teklek kecemplung kalen, ketimbang kelek ha yo mending nenen. *hus!!! *ngawurwae!

Besarnya ukuran BH tidak berbanding lurus dengan seberapa besar cintanya.

Nek pacarmu pancen setia, kudune seko koe mulai ngeden nganti tekan cawik, pacarmu setia menemani. *eh  

Dadi cewek ki rasah menor2 nek dandan. Deloken galo, donat kae nek ditaburi macem2 ki sing seneng malah mung cah cilik2.

Nek tiba2 mati lampu njuk pacarmu minggat ninggalke koe, kui jelas pacar sing bijaksana. Wani menahan diri dari hal2 yg diinginkan. *eh 

Nek pacarmu dibehel, mungkin kui maksudte pagar betis supoyo koe raiso nyipok sembarangan.

Pacaran: ono sing nek tanggal jadian mesti dieling-eling & dirayakan, tp nek Ortune ultah boro2 merayakan, lha apal we ora.  

Kuliah pgn cepet lulus, lulus pgn cepet kerjo, kerjo pgn gajine gede, gaji gede pgn cepet nikah, sing wes nikah kangen masa kuliah.

Banyak jalan menuju Roma. *nguntalbiskuit

Rasah terlalu jero nek ngenalke kancamu neng pacarmu, salah2 sesuk pacarmu dadi naksir karo kancamu.

Belajarlah kesetiaan dr kloset. Kloset kae diisingi terus tapi ttp wae neng kono, ora pindah ke lain hati kecuali digempur.

Rasah rebutan bribikan, opo meneh nganti gelut & mengorbankan pertemanan. Sing tok perebutkan mati2an kui durung mesti gelem karo kalian.

Rasah repot ngetwit dinggo mbribik, kecuali nek bribikanmu Pak Pos.

"Wajahmu sungguh berseri-seri". Rasah GR nek pacarmu omong ngono, kui maksudte ngonekke nek dandananmu terlalu menor.
 

2 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...