Quote Gentho (seri 29)

Arep pacaran model ngene po ngono, tep mesti akeh sing sok mbatin "nek carane ngono, cen penak jaman jomblo".

Arep pacaran model ngono po ngene, tep mesti akeh sing sok mbatin "nek carane ngene, cen mending pegat wae".

"Pacaran tu ngalir aja", kui brarti nek mau isuk pacarmu muni I love you, iso wae saiki lg nggandeng liyane sing luwih marai napsu. *eh

Ha nek mung nuruti napsu yo kon pacaran wae karo tisu. *eh

Kudu tok teliti tenanan tho, bocahe gelem tok jak lungo ki mergo pancen tresno opo mung mergo kepekso. *auwooo

Obrolan Gagal (seri 13)

Maaf ya br bales | iya gpp, km ketiduran ya? | iya maaf. kok km tau? | td aku kerumah | lho kok ga bangunin | aku ngapelin adekmu | *nggajul

Wati wes tok tembung Jo? | uwes Tho | terus ditompo ra? | ditompo | wah sip, melu seneng aku | seneng ndasmu! ak ki mung ditompo dadi supire

Njalukmu opo dik? | nek aku njaluk sing larang2 piye? | ra masalah | tenane mas? | iyo, engko bareng2 wae dibayangke | walah -_-

Lagi ngrungokne opo e Jo? | ngrungokne Maroon 5 iki Tho | wuelok, sing ndi? judule opo? | Pripun | heh?! -_-

Nek udan ngene hawane dadi adem yo dik | adem ndogmu, lg nggoreng lawuh nggo dapuranmu ngene iki yo tep semromong raiku | *macakketuron

Galau Gentho (seri 20)

Jangankan urusan hati, ha sempake kuwalik opo ora we kowe ra ngerti. *eh

Ibarat kendaraan, rem-e pancen kudu makan, dinggo ngawekani nek ujug2 ketemu tikungan. *uhuk

Tak akoni bodimu pancen semledot, ning ambu kringetmu marai untu cekot-cekot.

Nek mbribik atimu kui ibarat nggugah kuntilanak turu, ha yo ndasmu! *eh

Nek tresnane wes kendo ibarat kathok mulur, ha yo ojo mung tok sabuki tali kenur!

Jika mbribik hanya menimbulkan keputusasaan, ha mesti kowe mung bakal kembali gresek2 mantan :))

Luwih Penak Jomblo (seri 13)

Ora nggowo skripsi ning mangkat bimbingan. Koyo LDR yo? Nduwe pacar ning ra ngedep. *ihik

Pas pacaran komit, pas pegatan komet.

Saben isuk rasane kopi iso bervariasi. Jelas bedo karo pacar, opo meneh nek mung nduwe siji. *eh

Pacaran: padu, njuk ra ketemuan. LDR: padu, njuk wegah telpon2an. Jomblo: padu, padu ro sopo? Kene ki sing dioyak-oyak je, sori waeee

Pacaran: dipungut biaya. LDR: dipungut pulsa. Jomblo: dipungut hatinya.

Ketemu we ra tau kok isa-isane padu, njuk sing diributke ki opooo? weees jan kaum LDR ki pancen wagu.

Quote Gentho (seri 28)

Sejatine ijasah kui ora marai wareg. Dadi pacar kui ora kudu sarjana, sing penting lak tanggung jawab. Paham?

"Sing penting atine dudu raine", iki slogan sing mbingungke. Ha nek lg kenal arep ngerti atine seko ngendi? Seko njero klambi? *eh

Diduakan ki kepiye? Di blab ngono maksudte

Sedia cadangan kandidat sebelum pegat kui ibarat lg mendung ning wes nganggo payung.

Nek kowe wes nduwe pacar & wegah dibajul, pasang tulisan wae neng bathuk "selain petugas dilarang masuk".

Mbribik kui dudu pertandingan, dadi ditompo opo ditolak kui dudu urusan kalah menang.
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...