Seputar Korban dan Sumpah Pemuda

Mending wedhus, wes cetho2 prengus. Mbangane sok bagus ning jebule mung modus. *auwooo

Seko kadohan putih marai ati terpikat, mbasan dicedaki jebul sikile papat. *sapibooos

Nek gawe sate kae cen nusuke seko ngarep, nek nusuk seko mburi ki jenenge nikung. *uhuk

Demi kowe, nganti tak rewangi gembrobyos mbakarke sate wedhus, ning kok kowe mung sibuk nyawang dompetku terus.

Nek cinta ibarat wedhus, wah ha yo mesti soyo mbingungke. Mung mbak mbek mbak mbek wae ning ra cetho karepe.

Quote Gentho (seri 18)

Dilihat, diraba, diterawang. Sing jelas kui dudu tips mbribik tho, ojo sekali2 mbribik nganggo coro ngono kui.

Ojo selingkuh nek pancen ora ahli. Ndak malah mung mala praktek :))

Nek bribikanmu jual mahal, ha yo di kredit wae tho. *eh

Ribet, koyo arep milih cawet.

Dinehi ati ngrogoh rempelo. Dinehi sing empuk og malah milih sing alot, piye je tho!

Dadi uwong kui ojo gampang putus asa. Ning nek putus cinta, ah nek kui lak wes biyasaa.

Tips Gentho (seri 3)

Numpak motor ki sing wajar2 wae, sopo ngerti nek alon2 njuk malah nemu gaburan wong bar dipegat, yo ra? mayan tho :D

melupakan mantan: ojo ngeling-eling kenangan2 mesum. Kui ora marai lali tapi malah marai pengen balen. *eh

Ojo mung sinau supoyo iso jadian, tapi juga kudu sinau ben iso pegatan. *eh

Nek bar pegat, rasah mengucapkan kalimat2 cengeng kpd mantanmu. Kui raono gunane & justru marai mantanmu tambah gede ndase.  

Ojo coba2 mbribik uwong sing akun Twitter-e digembok, ndak durung2 koe wes galau mergo request follow tp tdk kunjung di accept.

Luwih penak Jomblo (seri 9)

Pacarmu ki paling yo mung seolah-olah semangat nek kon nganter jemput koe, nek gelem jujur yo asline males kui.

Sejatine nek koe methuk pacarmu kae, pas koe wes tekan, pacarmu pamit karo kanca2ne, "sek yo, sopirku wes methuk".

LDR ki ibarat nduwe uwit pelem. Koe sing ngopeni seko bibit, tapi mbasan berbuah malah mung sok entek mergo disikat codot.

Ngenes, ganteng2/ayu2 kok pacare mung kui2 wae. *eh

Ati2 tho, waspadai perampokan berkedok pacaran, dompet awas dompet!!!

Kakehan sambat ra wani pegat!

Galau Gentho (seri 13)

Tampang pancen model kelas dunia, tapi bodi suaka marga satwa.

Parasmu cen marai aku gandrung, sayange kelekmu koyo hutan lindung.

Aku dadi naksir koe, goro2 nek pas neng WC aku kerep mbayangke koe. Mungkin iki sing diarani cinta lewat WC.  

Dandananmu pancen kece, ning kelekmu mambu WC.

Jika kamu diduakan, jane lak yo ora masalah to asal isi dompet e tetep wutuh dinggo koe? *eh

Ketika cinta berat di ongkos, brarti koe kudu diet. *eh

Quote Gentho (seri 17)

"Diam itu emas", aku jan kejebak tenan karo jargon kui. Nyatane aku meneng ra ngetwit2 yo tetep wae rung dadi juragan. *eh

Wes to, meskipun pacarmu macak super rapi, tetep wae kui nduwe keinginan pengen mbathi. *eh

Sejatine do wedi dipegat kui dudu mergo iseh sayang, ning mergo wedi ndak njuk ra payu2.

Nek pacarmu cemburu buta, ha yo gek ndang kon melu kejar paket A. *eh

Rasah sok anti karo mantan, wong yo mungkin pacarmu sing saiki ki mbiyen yo mantane uwong to? :))

Kowe do terlalu wedhi ngakoni bahwa pacaran kui kadang yo marakke sengsoro. Jujur we kok ra wani, jirih!

Obrolan Gagal (seri 9)

Nek motoran ki rasah ngepot2 Jo! | lha ngopo tho? | cukup untumu wae sing ngepot, nek motoran rasah | woh tho!

Jo, koe ki ra cocok melu baris-berbaris | lha ngopo e Tho? | neng ndi2 nek lencang depan ki tangan, lha koe untu je | wuuu koe Tho

Nek kringeten ngene iki, koe cen cocok mas nek disebut seksi | ah tenane dik? hehe | iyo mas, seksi perlengkapan | hmmm yo dik

Pacarmu ketoke hobi tenan yo Jo nganggo rok mini? | iyo kui Tho, jarene nek arep nguyuh ben ra repot | woooh -_-

Pacarmu ki setia ora Jo? | jelas Tho | tenane? | tak jamin Tho | brarti koe kapusan | kok iso? | lha wingi pacarmu mbribik aku je | woooh!!!

Mas | opo dik? | aku arep crito | iyo ono opo? | tapi ojo nesu lho yo | iyo, knp dik? | janji yo, ra oleh nesu lho | asshh iyik dik!

Galau Gentho (seri 12)

Konon, benci awal dari rindu. Rindu awal dari pengen ketemu, pengen ketemu awal dari koe kelangan puluhan ewu.

Ok, aku ngaku kalah. Tak akoni koe pancen primadona, neng kalangan flora dan fauna.  

Urusan bribik membribik, galau itu manusiawik, sing penting rasah kembik2.

Nek selingkuh kui ibarat kecirit, ha yo gek ndang ganti sempak tho, ndak selak konangan!  

Janjimu manis, tapi buktine amis.

Esemmu pancen top markotop, mbasan nyawang bodimu malah mung marai angop.

Tresnamu ibarat terong, soyo suwe soyo kisut.

Quote Gentho (seri 16)

Pengendara sing srobat-srobot dalane uwong ki ibarat nek mbribik rawan nikung kancane.

Pengendara sing nrabas lampu merah ki nek mbribik ibarat lagi kenal wes napsu nyamul.  

Pengendara sing munggah trotoar mergo dalane macet, ibarat nek mbribik ki pengen cepet oleh tapi carane licik.  

Selamat sore wahai korban2 penipuan avatar twitter :))

Ciri2 pacaran amatir: mengumbar kemesraan neng TL. :D  

Perhatian nek berlebihan ki suwe2 malah sok marai risi.  

Pemanasan we rung tau kok langsung pacaran, ha kesleo atimu!

Sesaat Setelah Malam Minggu

Nek sek bar malem minggon njuk termenung lungguhan karo nyekeli bathuk, jelas kui mesti generasi batal mbathi. * eh :))

Nek sek bar malming njuk kupinge panas, haaa nek iki jelas LDR :)) cinta lewat seluler bos, kecut!

Nek sing bar malming njuk nangis2, mungkin mau bar dikenalke kancane pacar sing jebul luwih ayu/ganteng seko pacare, tapi yo apa daya...

Nek sing bar malming njuk adus kramas, wah iki piye yo? ketoke anu, mmm piye iki? wah mbuh ding...

Nek sing malming mau mung neng ngomah, nonton tv karo leyeh2, tak dongakne suk pacare akeh. Dadi suk2 malming nganti bingung raiso leyeh2

Nek sing mau malming marani pacar lanjut marani selingkuhan, nek kowe amatiran mesti bakal konangan :))

Pegat Wae (seri 4)

Kui pacar opo sempoa je? opo2 kok mesti itungan!

Koe ki jane pacar opo sekertaris je? gaweanmu kok mung kon nggugah turu & ngelingke jadwal. Ha mending

Nek pacarmu mbesengut mergo koe ra nduwe duit, jelas kui dudu pacar idaman. Pegat sebelum terlambat!  

Pacar jaman saiki beringas-beringas, ibarate dinehi es batu njaluke kulkas.  

nek pacarmu sing manis tiba2 bertindak bengis ketika weruh dompetmu.

Mosok konco dewe kok dicemburui, nek ngono carane brarti pacaran kui ngrusak kekancan.

Nek pacarmu njaluk diperhatikan terus menerus, podo karo koe ki kon dadi cctv tho.  

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...