Tips Gentho (seri 3)

Numpak motor ki sing wajar2 wae, sopo ngerti nek alon2 njuk malah nemu gaburan wong bar dipegat, yo ra? mayan tho :D

melupakan mantan: ojo ngeling-eling kenangan2 mesum. Kui ora marai lali tapi malah marai pengen balen. *eh

Ojo mung sinau supoyo iso jadian, tapi juga kudu sinau ben iso pegatan. *eh

Nek bar pegat, rasah mengucapkan kalimat2 cengeng kpd mantanmu. Kui raono gunane & justru marai mantanmu tambah gede ndase.  

Ojo coba2 mbribik uwong sing akun Twitter-e digembok, ndak durung2 koe wes galau mergo request follow tp tdk kunjung di accept.

Sing do arep dolan neng pantai, ojo lali sangu sabun colek. Bokong wajan kae biasane diolesi sabun colek ben ra gosong.  

Rasah sok reko2 ngetes kesetiaane pacarmu dengan cara apapun, mbangane koe engko gelo dewe.

"iiih sayang kamu unyu banget sih". Nek pacarmu ngomong ngono kui, dublak sambel wae cangkemme, ben mari le celat.  

Ojo sembarangan mbuang cawet, ndak marai kesrimpet.

Nek pacarmu pasang rai kecut, raupi juruh dawet wae tho, ben manis.  

Rasah sok ngancem2 pegat dgn harapan koe bakal digondeli. Lha nek ternyata sing digondeli mung dompetmu lak malah ciloko koe.

Apakah anda makan gratis siang ini? jika tidak, segeralah cari bribikan. *eh

Rasah ngebut, engko nek ono sing kinyis2 ndak malah kelewatan tho. Kalem wae karo nyawang2.  

Rasah kakehan majang foto pacar neng njero kamar. Suk nek wes pegat ndak malah mung ngokeh-okehi sampah, global warming tho.

Ojo megat pacar neng pantai, engko ndak pacarmu macak arep ngintir neng laut ben kowe ra tegel megat.

Nek pacarmu sok nesu karo mbengok2, jak-en neng sawah. Mayan karo nggo nggusah manuk, malah manfaat.

No comments:

Post a Comment

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...