Sesaat Setelah Malam Minggu

Nek sek bar malem minggon njuk termenung lungguhan karo nyekeli bathuk, jelas kui mesti generasi batal mbathi. * eh :))

Nek sek bar malming njuk kupinge panas, haaa nek iki jelas LDR :)) cinta lewat seluler bos, kecut!

Nek sing bar malming njuk nangis2, mungkin mau bar dikenalke kancane pacar sing jebul luwih ayu/ganteng seko pacare, tapi yo apa daya...

Nek sing bar malming njuk adus kramas, wah iki piye yo? ketoke anu, mmm piye iki? wah mbuh ding...

Nek sing malming mau mung neng ngomah, nonton tv karo leyeh2, tak dongakne suk pacare akeh. Dadi suk2 malming nganti bingung raiso leyeh2

Nek sing mau malming marani pacar lanjut marani selingkuhan, nek kowe amatiran mesti bakal konangan :))

Nek sing bar malming njuk awake njarem2, durung mesti kui KDRT. Sopo ngerti ngglangsar pas mlumpat seko jendelo kamare pacar.

Nek sing bar malming njuk deg2an koyo wong kesetanan, mgkn bar dikalungi arit karo Bapake pacare, mergo kewengen le ngulihke.

Nek sing malming mau resik2 omah nyapu ngepel dll, ah iki mesti mung pengalihan isu :)) ben ono kegiatan.

Nek sing malming mau mung sibuk utak-atik phonebook, mgkn kui sensus mantan, kiro2 sing ndi sing iso dijak nostalgia.

Nek sing malming mau prikso neng klinik, ha yo salah alamat tho, klinik ki raiso nambani penyakit "rung payu". *eh

Ok lah, apapun malem minggumu, "mention for follback" adalah tetep idiologi yang wagu. *ranyambungyoben :))

1 comment:

  1. malam minggu ra malam minggu sing penting angkringane ra legi , kopi ne ra rugi, trus rokok e ra mati

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...