Luwih penak Jomblo (seri 9)

Pacarmu ki paling yo mung seolah-olah semangat nek kon nganter jemput koe, nek gelem jujur yo asline males kui.

Sejatine nek koe methuk pacarmu kae, pas koe wes tekan, pacarmu pamit karo kanca2ne, "sek yo, sopirku wes methuk".

LDR ki ibarat nduwe uwit pelem. Koe sing ngopeni seko bibit, tapi mbasan berbuah malah mung sok entek mergo disikat codot.

Ngenes, ganteng2/ayu2 kok pacare mung kui2 wae. *eh

Ati2 tho, waspadai perampokan berkedok pacaran, dompet awas dompet!!!

Kakehan sambat ra wani pegat!

Dalam pacaran, nek melakukan inovasi engko diarani mesum, nek regenerasi diarani selingkuh. Repot.

Percumah dipacari nek mung sekedar didadekne pelengkap ketika kondangan.

Yo ngono kui nek LDR, nduwe pacar tapi isone mung ngalamunke. Melas.

Kesetiaan pacar kui ono 2 tipe. Ono sing selalu setia njaluk ditukokne barang/dijajakne & ono sing setia njaluk mentahane wae.

Sesuatu hal sing sakjane gampang bakal dadi angel ketika kowe nduwe pacar.

Nek pacarmu aleman, yo brarti koe ora pantes disebut pacaran, tapi luwih pantes disebut momong.

Untunge LDR ki opo kok iseh tok pertahanke wae?? koyo neng kene ki raono lawan jenis wae, wuuu.

Bokek kui biasa, ning nek bokek mergo pacar kui jenenge kurang gawean!

Kui pacar opo dosen je? isuk2 kok wes nguliahi, cramah.

Bisa jadi pacarmu adalah salah satu anggota . Waspadalah!

Mesakne sing sore2 ngene iki kudu mbelah dalanan sing semrawut, hanya demi methuk pacare mulih kuliah :)) selooo.

Siji kurang, ning nek loro wedi ndak konangan. Begitulah pacaran :))

1 comment:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...