Galau Gentho (seri 4)

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing susune luwih gede mbangane koe. *wooo :))

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing luwih dowo mbangane nggonamu. *waaah :))

Nek koe kertu nama, aku bakal dadi dompet e. Ben koe iso nylempit terus neng nggonaku. *yeeer  

Aku pengen dadi banyu panas, ben iso nyairke atimu sing beku. *seeer  

Ayu mu cen raono sing nyaingi, sayange kelekmu mambu kaos kaki.

Luwih Penak Jomblo (seri 3)

Disebut pacar kui lak nek lg bareng, ha nek ora yo koe mung dadi pajangan dompet, wes ngono nggone nylempit cerak bokong, aduh.

Pacarmu cinta karo koe ki mung 10%. Sisane, 20% pacarmu luwih cinta serial Korea & sing 70% cinta karo duitmu! :))

Pacaran: kepekso keju ngantri tiket bioskop dinggo pacare! Jomblo: ra masalah ngantri, wong yo arep nggo awake dewe, fair.

Quote Gentho (seri 3)

Sejatine pacarmu ki mung kepepet nompo koe. Sesuk nek ono sing luweh wangun lak koe mung dikipatke :))

Pacaran adalah salah satu ciri2 orang yg putus asa & mentok atas perjuangan cintanya.

Sejatine pacaran kui mung gaweane wong pengangguran, dinggo ngisi wektu ben seolah-olah ono kegiatan.  

Sejarah gojekGentho

Bertepatan dengan gebyar setahun gojekGentho (19 Januari 2011 - 19 Januari 2012) aku pengen crito sejarah terjadinya gojekGentho. Tapi sakdurunge aku crito, aku arep mengucapkan bermilyar-milyar terimakasih dinggo koe kabaeh poro followers twitterku, followers blog, dan juga para pelanggan & pembaca setia blogku. Apalah arti gojekGentho tanpa kalian semua, eaa macak drama hahaha. Sing jelas aku angkat topi atas apresiasi kalian semua selama ini, arep angkat besi barang jane, tur aku wedi ndak engko direkrut dadi atlit lak malah ra sempet ngetwit hahaha.

PENGUMUMAN: Pemenang Kuis Kaget Mug gojekGentho

Ini diaaa para pemenang KUIS KAGET Mug gojekGentho, selamaaat!!!
(KLIK GAMBAR UNTUK PERBESAR)

Obrolan Gagal (seri 3)

Mas, mbok tuku TV flat | rasah, marai tambah bosen | kok iso? | lha bendino wes weruh dodomu sing flat je, mosok TVne yo melu2 flat |

Mas, mbok rasah nyepur to | lha ngopo to? kan ben cepet | lha bendino turu nyanding koe wes koyo numpak sepur je mergo ngorokmu | wah -_-

Knp yo? Akhir2 iki pacarku nek tak temoni malah pasang rai ting tlekuk | lha koe ra nduwe setliko po? Tak silihi nek ra nduwe | wah prek tho

TUTORIAL: Cara Berlangganan gojekGentho Blog Via Email

Halooo pemirsa gojekgentho blog, bertemu lagi dengan saya si gentho gojek yang memikat, hahaha pret! Pada episode kali ini aku bakal ngajari koe kabeh carane berlangganan gojekgentho blog via email, GRATIS! kan koe seneng to nek sing bongso gratisan hahaha.

Dengan langganan via email iki engko koe bakal nompo email notifikasi (yang berisi link) setiap kali aku posting konten-konten anyar neng blog. Piye? Penak to? Gampangane ki pokoke koe tak andani lewat emailmu setiap kali aku posting konten anyar neng blogku.

Ok langsung wae, nek kedawan le basa-basi ndak malah koyo pidato, nyoooh monggo langsung disimak carane:
(KLIK GAMBAR UNTUK PERBESAR)

Tips Gentho Ketika Gigimu Mrongos

Nek koe rumongso mrongos, ojo nganggo helm cakil. Ndak malah ndaduk2, engko linu untumu.

Nek koe rumongso mrongos, rasah nganggo masker. Boros tho, ha mung suwak-suwek wae keno untumu.  


Nek koe rumongso mrongos, ojo ngguyu ombo2. Mrucut untumu malah ciloko, tombok! #tipsGentho

Nek koe rumongso mrongos, ojo coba2 nyipok pasanganmu nek koe durung canggih tenan. Ndak lambene pasanganmu kecowes untumu!


Rayuan Gentho (seri 2)



Dadio bojoku, tak jak rekreasi neng lawang sewu, tak jak blonjo neng pasar baru, tak jak mangan nganggo jangan wayu.

Nek koe rumongso mrongos, kui iso tok nggo nyuk. "Berteduhlah dibawah gigiku."

Nek aku abang, koe ijone. Nek aku putih, koe ireng e. Nek aku ijo, koe butone!

Fakta dan Fenomena Malam Minggu


Berikut adalah alasan2 kenapa malam minggu itu membosankan & tidak bagus untuk kejiwaan:

Menyiksa diri: Sangune seminggu dicelengi, nganti ngempet2 ra jajan mergo arep nggo malem minggon.

Pemborosan: wes nyelengi seminggu, rekoso ngampet2 jajan, eeh njuk hasile mung entek dinggo sewengi tok!

Luwih Penak Jomblo (seri 2)


Wes to, jomblo wae. Iso lirak-lirik kiwo tengen tanpo diarani mata keranjang!

Nggo ngopo pacaran? Wong engko njuk mung pegatan. Wes to, jomblo wae.

Koe kui nek pacaran isine mung diapusi tok! Ra percoyo? Buka wae HPne pacarmu, nek ra oleh, brarti aku bener :))

Obrolan Gagal (seri 2)


Tho, koe mau tak miskol neng twitter kok ra njawab to? | wah -_-

Mas, iki malem jumat lho | ha njuk ngopo? arep malem jumat opo ora ki raimu tetep wae medeni | wah, di kok malah ra dong, pekok -_-

Mbok ora panasan terus dik, soyo ireng lho | yo ben to mas | wah, lha suwe2 koyo TTS engko awak dewe nek mlaku brg, ireng putih | prek mas -_-

Tahun Baru 2012 dan Resolusi Gentho


Taun baru semangat baru, sing kulino ngowoh yo sing semangat sinau mingkem.

Taun baru semangat baru, sing biasane mung ngandelke traktiran, yo saiki sekali2 mbayar dewe nyuk! :))  


Taun baru semangat baru. Sing naksir uwong & biasane mung wani nyimak TL e, yo saiki diwaneni nyopo no. Tur nek diatosi yo kui rejekimu :))

Quote Gentho (seri 2)

Lihatlah Jomblo dr sisi yg lain, penuh harapan, fresh & bergelora. Tidak seperti yg berpacaran, sudah loyo & ogah2an :))

Sesungguhnya berpacaran akan membuat seseorang jauh lebih cepat kisut, maka berharaplah pada yg jomblo :))

Sesungguhnya mereka yg bermalam minggu adalah golongan orang yg terburu napsu!

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...