Quote Gentho (seri 26)



Nek kowe naksir aku mung mergo duit, mending kowe minggat nek perlu rasah nganggo pamit.

Urusan ati ki pancen luwih njlimet mbangane cawet. *eh

Biasa wae, ketemu mantan rasah gedandapan, ndak ngetok-ngetoki nek amatiran :))

Santai to tho, ndonyane ora njuk kiamat mung mergo kowe diunfollow.

Ha yo rasah disawang nek mung marai atimu bimbang.

Dadi cinta kui ora mung urusan kasih sayang tok, ning termasuk urusan sing neng njero kathok. *eh

Obrolan Gagal (seri 12)

Awan2 kok wes manyun to dik | lho, genah ket mau aku sumeh kok mas | ha justru kui, sing ketok manyun ki untumu | jirut kowe mas *ngampleng

Lho, kenari ne didol po mas? | iyo dik | lha ngopo je mas? | lha le ngoceh luwih pinter kowe mbangane kenari ne | mas!

Rene Jo ngopi2 sek kene lho | wegah Tho, engko ndak ireng | woh Jo

Suk nek prewed konsep e opo yo mas? | sing natural wae dik | oh ok, nek sing natural yo brarti konsep majikan & pembantu wae yo | yo

Mlaku2 yo mas | neng ndi dik? | yo neng ndi kek, golek angin | ha nek ngono neng tambal ban wae, kono mangkato dewe dik | asshh mas

Luwih Penak Jomblo (seri 12)



Ha yo mending sing do malem minggon neng omah, daripada metu ning malah atine njuk mung sebah. *hus!

Tak akoni LDR ki cen ahli kebatinan, mbatin ngampet napsu sing tak kunjung tersalurkan :))

Nek ngingu pacar seksi ning marai isi dompet pucat pasi, ha yo ra sudiii.

Pacar ki ora nggaji ning opo2 njaluk dituruti. *eh

Pacaran: kaum teraniaya. LDR: kaum ngampet. Jomblo: kaum primadona.

Jarene kangen kui malah sok marai padu, & cinta kui ditandai dengan cemburu. Ha repot to? kandani og ngeyil.

Quote Gentho (seri 25)

Lha wong wes mantan kok dicemburui, koyo raono kegiatan liyane wae sing luwih migunani.

Percumah dandanane masa kini nek arep nembung tresno we ra nduwe nyali.

Nek cinta ibarat sikatan, brarti gadul kui kemesraan. *eh

Nek moco TLku njuk marai kowe padu karo pacarmu, jelas yang kamu jalin adalah hubungan yang wagu.

Malem minggu bernapsu, malem senin lesu. Yo kui cen lumrah meskipun rodo wagu.

Nek pacaran kui ibarat kopi, yo ojo gelem nek mung dadi ampas e.

Gayane sok misterius, padal asline yo mung modus. *uhuk

Galau Gentho (seri 18)



Wajahmu cen seger ibarat lotis, sayange tresnamu seringkih arumanis. *hakdes

Pait kui nek tiwas pating jengkelit ben iso nginjen, jebul sing ketok malah mung lengen.

Jika akhirnya cinta harus memilih, opo yo bar milih njuk drijine kudu dicelupne tinta?

Ketika cinta ditolak, ngombe opo wae tep rasane marai keselak. *uhuk

Cangkem nganti keju le muji-muji, ditompo karo orane iseh durung mesti. Sabar yo tho :))

Ketika cinta ditolak, ngombe opo wae tep rasane marai keselak. *uhuk

Cangkem nganti keju le muji-muji, ditompo karo orane iseh durung mesti. Sabar yo tho :))

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...