Galau Gentho (seri 3)


Tak parani rono, jebul koe neng kene. Tak parani rene, jebul koe lagi karo liyane!

Ibarat sabun batang, koe kui kakehan banyu. Lunyu banget arep dicekel, angel, mrucat-mrucut!

Tak sms ra mbales, koe tak telpon. Tak telpon ra tok angkat, tak dodok lawangmu. Iseh ora tok bukakne?? Tak jomplangke kasurmu!

Jikau kamu rindu padaku, telponlah aku. Jika kamu mencintaiku, kemarikan isi dompetmu!

Tips Gentho Ketika Ababmu Mambu


Nek koe rumongso ababmu mambu, sinauo bahasa tubuh, mbangane koe nyangkem mung ngambon-ngamboni sekitarmu.

Nek koe rumongso ababmu mambu, jelas koe cocok dgn peribahasa "diam itu emas". Ha nek nyangkem mung ngambon-ngamboni sekitarmu!  


Nek koe rumongso ababmu mambu, nganggo masker, dadi sekalipun koe nyangkem ki tetep ramah lingkungan tho!  

Nek koe rumongso ababmu mambu, kemu minyak wangi nek arep ketemu bribikanmu, keracunan sithik rapopo, ning lak njuk wangi.

Obrolan Gagal


Dik mbok ojo nganggo klambi sing ketok kelek e ngono \ duh koe cemburu yo nek aku dilirik wong liyo? \ ora, aku isin kelekmu ireng \ asu

Dik mbok lampune dipateni \ ah mas ki senengane \ ora, soale aku dadi ra napsu nek kudu ndelok endog ceplok neng dodomu \ asu! #17+

Mbok ojo saiki dik \ lha ngopo mas? loyo po? \ ora, koe aduso sek. lha iki aku rasane koyo ngeloni wedhus je, prengus \

Rayuan Gentho


Dik, ketika panas matahari begitu membara, berteduhlah di ketiakku.

Nek koe gelem dadi pacarku. Opo wae tak turuti, opo wae tak lakoni, asal kabeh kui mau koe sing mbayari. *eh

Percayalah, disana aku akan menjaga hub ini & rasa percayamu dgn baik, dan jg mencari selingkuhan yg lebih baik. *eh

Hanya untukmu aku berkorban, hanya untukmu aku bertahan, dan hanya padamu pula aku menyembunyikan tabungan! *ndak diporoti

Dadio bojoku, bakal tak jamin kebahagiaanmu, tak jamin kehangatanmu, & tak jamin manganmu ra ketang mung seminggu.

Fenomena Perkenalan


Berikut kumpulan twit dari gojekGentho tentang fenomena perkenalan:

Nek kenalan karo lawan jenis, terus de'e pasang tampang sok cool, nada suara di apik2ke. Kui tipuan. Coret seko daftar!

Khusus wedok: nek kenalan karo lanangan, trs de'e sempet nglirik dodomu! Kui realistis, jujur. Lebokne daftarmu!

Nek kenalan karo lawan jenis, terus de'e malah nyawang adimu. Ati2, koe mung arep diperalatan ben de'e iso nyedaki adimu!

Nek kenalankaro lawan jenis, terus de'e langsung njaluk nomer HPmu, kui jelas tipe pejuang. Lebokne daftarmu!

Tipe-Tipe Orang Ketika Marahan dengan Pacar


Tipikal pekok: padu karo pacare, nesu2 njuk ngantil tembok! Prothol drijimu nyuk, tembok je padakne tahu.

Tipikal boros: padu karo pacare, nesu2 njuk mbantingi gelas piring. Rumangsane jathilan po piye? Ra urung bar kui yo tuku meneh!

Tipikal stres: padu karo pacare, nesu2 njuk ngantemi awakke dewe! Wes, iki nek ra wong stres ra mungkin iki. Wes ngerti loro yo ttp wae!

Tipikal ekspresif: padu karo pacare, nesu2 njuk ngomyang misuh2 dewe turut ndalan. Iki nek disawang mesti malah koyo kethoprak!

Tipikal konsumtif: padu karo pacare, nesu2 njuk opo wae diuntal, prol prol prol kabeh mlebu cangkem. Wes koyo bagor pokoke, opo2 amot!

Tipe produktif: padu karo pacare, nesu2 njuk ngising sak wayah2, sak nggon2. Iki jelas produktif, wong menghasilkan telek berlimpah.

Tipe pendiam: padu karo pacare, nesu2 tp mung dibatin, meneng, anteng. Ha mbok diguyang banyu asah-asahan yo ttp anteng, meneng.

Tipe 36: asui nek iki tipe omah nyuk, salah panggon! Brarti kon leren sek iki, jempolku wes senut2 :))

Dirangkum dari twitter gojekGentho
foto: google

Bab Kekancan


Kekancan kui ora peduli ganteng opo elik, gede opo cilik, enom opo tuik. kekacan kui kudu tulus nyuk, opo anane.

Nek kancane susah, ewangi. sak isane, ra perlu ngoyo nyuk, tapi sing penting ihklas.

Nek nduwe rejeki yo kadang bagi2 karo kancane, tur nek njuk terus2an njaluk dibayari yo sampluk wae :))

Dolan bareng, crito2 bareng karo kancane, sharing. sing penting ora sharing pacar nyuk!

Ndelok kancane susah ojo seneng. ndelok kancane seneng ojo susah.

Kancamu teko, kancanono. kancamu crito, rungokno. kancamu keturon, minggato. *mosok nunggoni wong turu nyuk!

*dikumpulkan dari twitter gojekGentho
foto: google

Obrolan Tuan Rumah dan Tamunya


arep ngombe opo? / walah, rasah repot-repot.
(iki jelas wong ora PD)

arep ngombe opo? / wes aku manut wae, sak-sak e.
(iki jelas wong ora nduwe pendirian)  

arep ngombe opo? / sak onone wae.
(iki jelas wong nggragas! lha kabeh sing ono kon ngetokne je!)

arep ngombe opo? / teh wae, anget, rasah kenthel2, ojo kelegen.
(iki jelas wong ngrepoti iki, usir wae!)

arep ngombe opo? / susu wae, tapi nek iso sing meres dewe.
(waaah tamu asu iki)

arep ngombe opo? / banyu putih wae, aku ngerti nek koe lagi kere.
(wooo asu iki tamune malah ngece!)

arep ngombe opo? / opo wae asal segelas karo koe.
(seeer )

dirangkum dari twitter gojekGentho
foto: google

Quote Gentho


Sesungguhnya orang2 yg numpang ritwit tetapi tdk follow itu ada golongan orang2 yg hobi injan-ijen! Tak dongakne timbilen!

Twitter kui dudu tabungan. Dadi nek followersmu berkurang kui rasah mbingungi. Gratis we kok bingung!

Silit tanda tak mampu. *eh

Disirikin banyak orang kui ora masalah, sing masalah kui nek koe diuyuhi banyak orang! #gojekGentho

Galau Gentho (seri 2)


Aku pengen dadi atlit selam, ben iso slulup neng njero atimu.

Aku pengen dadi atlit angkat besi, ben kuat njunjung atimu.

Nyawang bokongmu marai napsu, mbasan nyawang raimu marai mules wetengku!

Kasihku tercinta, senyumanmu membuatku tergila-gila, sentuhanmu membuat tak kuasa, namun pengeluaranmu membuatku sengsara.

Luwih angel gawe kata2 nggo ngomong karo koe, mbangane gawe kata pengantar dinggo skripsi. #galauGentho

Luwih Penak Jomblo


Wes to, luweh penak jomblo, ra percoyo? nyoooh woconen nyuk fenomena & faktane sing tak rangkum seko Twitter ku ...

Jomblo kui penak nyuk, iso lirak-lirik rono-rene. Nek pacaran lak raiso, padal asline yo pengen kui. Wuuu silit!

Pacaran: ndadak wajib lapor, koyo satpam! Rono-rene repot pamitan. Jomblo: ha kepenak, mbok arep minggat ra mulih we bebas.

Galau Gentho


Berikut kumpulan (random) dari twitter gojekGentho bagian 1:

Aku pingin dadi presiden ben iso turut prihatin atas hatimu.

Aku pengen dadi koki ben iso mbumboni atimu.

Hari Pahlawan dan Revolusi Gentho



berikut kumpulan twit dari gojekGentho dalam rangka memperingati Hari Pahlawan 10 November:

dengan semangat hari pahlawan, dadio generasi pembaharu! ojo dadi generasi penerus kerusakan bangsa!

wong tuamu kui pahlawan sing paling cedak seko uripmu! dadi sak asu-asumu, karo wong tuo kui ttp kudu ngabekti nyuk!

dadio pahlawan dinggo uripmu dewe2. revolusi, minimal dimulai seko awakmu dewe nyuk!

Sugeng Rawuh Selamat Datang


piye nyuk kabare?
ha nek koyo ngene iki jenenge blog nyuk, ngerti ra koe? panggon dinggo nulis, posting foto, video dll dll nek tak sebutke siji2 engko ndak malah koyo sales.
lha iki aku critane sinau ngeblog ben ra goblok, iseng wae ben aku iso misuh, gojekan, dll dll sing ora dibatesi mung 140 karakter. terus juga ben aku iso ngrangkum twit2ku neng kene, termasuk twit2ku sing wes lawas. ben konco2 anyar do iso melu moco.
piye? lumayan to? ora elek2 banget to nyuk desain e? mending lah iki mbangane raimu sing pas-pasan kui.
yowes ngono sek yo.
iki pokoke intine mung ucapan sugeng rawuh selamat datang dinggo koe kabeh sing dolan rene.
salam
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...