Quote Gentho (seri 10)

Nek ono uwong sing ora berekspresi piye2 pas tiba2 mati listrik, wes jelas wong kui kulino mojok neng semak2 karo pacare, terbiasa petengan.

Karo pacar ki ojo sio2, mosok pacar kok gaweane mung kon mbayari mangan. Mbok yo kon mbayari kredit motor sisan. *eh

Sesuk nek aku nduwe warung arep tak tulisi, "sing pacaran mbayare dobel".  

Pacarmu ki kelingan koe mung nek pas lagi horni, karo nek pas arep njagong. Selebihnya yo paling koe mung dinggo kebak2 profil Facebook.

Cemburu kui wajar, sing ra wajar ki nek cemburu karo bapakne pacar.

Nek pas padu karo pacarmu ki ojo sok ngancem2 arep megat tho, ngono kui ora apik. Mbok yo mbangane mung ngancam mending dipegat tenanan. *eh

Galau Gentho (seri 8)

Jare pengen dadi bangsa sing merdeka? Lha kok malah dijajah karo pacar ora ndang tok pegat ki kepiye je? Wuuu mencla-mencle.

Rasah GR nek pacarmu ndemek2 & ngraba2 koe, kui ki maksudte arep ngrogoh dompetmu nyuk!

Nek pas sepi njuk pacarmu kedip2 neng koe, yo kui mesti kelilipen tho, ngopo meneh nek ora, wes gek ndang didamu campur idu.

Nah nek pacarmu ket mau meneng wae, kui tho, mosok ngono we ra paham. Kui kode nek pacarmu ki lali sikatan, makane isin abab e mambu

Pacar ki ibarat kopi, enake mung nek pas lagi HOT. Nek adem yo mesti mung tok lepeh to?

Sungguh manis wajahmu, namun sayang pait prilakumu. *mimbik2campurkepising

Dari Logo ke Logo


Halo prokonco, kepiye kabarmu? mugo2 do waras kabeh, tidak kekurangan sesuatu apapun kecuali kurang ganteng & kurang ayu, soale nek kui pancen kenyataan to? hahaha. To the point wae, pada postingan kali ini aku pengen memperkenalkan logo baru gojekGentho, wujudte wes tak pajang neng nduwur kui, piye? mbois banget to? hahaha.

Rayuan Gentho (seri 5)

Bapakmu mesti juragan mlinjo, ketoro awakmu kebak emping.

Bapakmu mesti blantik manuk, ketoro koe nek wes ngoceh ra mandek2.  

Bapakmu mesti kerjo neng pengiriman barang, ketoro cintamu berat di ongkir. *eh ongkos :D

Untukmu, tak hanya akan kubawakan bunga mawar dik, tp bahkan akan kubawakan bunga tidurku. Saiki nyicil iler e sek dik, nyoooh!

Perhatikan dik, bulanpun kalah oleh raut wajahmu. Nek bulan ki ketoke ora parah2 banget koyo raimu dik. *kemudiandikaplok

Bapakmu mesti drummer, ketoro rupamu koyo wong bar digebuki.

Quote Gentho (seri 9)


Dadi uwong ki ojo sok jual mahal. Soale, biasane sing mahal2 ngono kui engko endinge mung diobral, di cuci gudang mergo ra payu2.

Nek ra seneng, yo ojo moco. Nek sengit, yo ojo follow. Gampang to? Mbangane mung riwil tp jane ngarep tak ritiwit ben iso nunut kondang.

Kaum pacaran ki mung iso nggaya nek pas iseh pacaran. Nek wes dipegat yo mung iso meneng, ndepis, melas, mimbik2 dan mengobral curhatan.

Nek koe rumongso mrongos, PD wae. Minimal kan koe selangkah lebih maju dibanding liyane.

Ojo kesusu menyimpulkan segala sesuatu sakdurunge koe sinau simpul2 Pramuka. *omongopoh

Pasangan sing gawene putus nyambung ki mesti ra paham bahwa neng ndonya iki ki menungso liyane iseh akeh.

Pegat Wae (seri 2)

Nek pacarmu ngomong, "demi kamu gunung akan kudaki, lembah akan kulewati." Wes jelas pacarmu titisane ninja hatori.

Nek pacarmu kakehan alesan, kui mesti titisane pemerintah.  

Skripsi ki ragate larang, tur iseh luweh larang ragate ngopeni pacar. Makane

Wes ngerti hawane sumuk lha kok malah ngingu pacar. Kui mung bakal marai utekmu tambah panas. Wes  

nek pacarmu janji jam 7 tp tekone jam 10 tanpa alesan sing jelas. Kui mesti bakat dadi koruptor. 

nek pacarmu dino iki nganggo kebaya tp le sanggulan neng ngarep. Kui mesti rodo owah tho.

Luwih Penak Jomblo (seri 6)

Pacaran: rawan diselingkuhi, loro ati. Jomblo: iso dadi selingkuhan, rasah repot2 nganggo ati.

Bagian paling angel dadi jomblo ki mung siji: menentukan pilihan arep karo sing ndi. *pasangrainyenyengit

Sejatine wong sing pacaran kui lah wong sing ora payu. Ha mung arep melampiaskan napsu we kok ndadak pacaran. Kalah canggih karo sing jomblo 

Begitulah pacaran, endingnya akan pegat juga.

Nek pancen ono sing langgeng pacaran, kui mesti yo mung mergo kepepet. Raiso golek sing luwih ayu/ganteng tinimbang pacare sing saiki :)) 

Ora kober nyelengi dinggo tuku barang sing dipingini, mergo duite entek dinggo ngopeni pacar.

Quote Gentho (seri 8)

Percaya diri kui: ora isin ngupil neng ngarepe pacare. Nek perlu malah dileletke sisan sbg bukti tanda kasih sayang.

Setia: selingkuh tidak memandang usia.

Berbuat baik kui nek terlalu bernapsu yo dadine ora apik, contone: sok dadi mak comblang, padal awakmu dewe ki ra payu2. Nelongsooo :))

Mending pisuh2an sebagai wujud kemesraan, mbangane sok apikan tapi hobi menikam dari blakang. Padal blakang kui identik karo wc

Tips Gentho

Nek koe wedi galau mergo lawan jenis, atimu di stempel wae "pecah berarti membeli".

Sing marai kuliah ra lulus2 kui salah sijine mergo ngingu & ngurusi pacar, makane pegat wae, ben fokus.

Ojo marani bribikanmu pas lagi udan, kurang bejane koe mung kon menek genteng mbenakke sing bocor!  

Marani bribikan paling cocok pas lg bokek, iso nunut madang. Gratis, ngirit pengeluaran.  

Ojo mbribik lewat sms, coro lawas kui & koe merugi. Njaluk ditelpon no, koe ora metu biaya & luwih penak iso omong2an.  

Ojo sekali2 ngisekne pulsa bribikanmu, kui bahaya! Krn sekali koe ngisekne, selanjutnya bribikanmu bakal ketagihan. Ciloko koe

Obrolan Gagal (seri 6)

Mas, aku mau disamul lanangan | ndi wonge tak paranane! | rasah mas, aku wes njaluk pin e kok, ben gampang nek pgn disamul meneh | wo

Jo, aku nek ngobrol karo pacarmu ki dadi kelingan lemari klambi je | heh? kok iso Tho? | lha abab e pacarmu mambu kapur barus | tho

Pacarku jare kon nggawakne kembang, mbasan tak gawakne kok aku malah dipegat Tho | lha sing tok gowo ki karangan bunga je, pekok koe | wooo

Mas, terke neng kamar mandi | wedhi po dik? | ora, aku pengen memastikan sakjane raimu karo kloset ki ganteng ndi | woh kewanen!

Mas aku horni | waduh iki neng tempat umum je dik, ra pareng ah | aku horni megat koe kok, goro2 weruh mas2 mejo sebelah luwih ganteng | woh

Fenomena Foto dan Berfoto

Halo tho piye kabarmu? mugo2 waras kabeh. Mau bengi aku ngetwit bab fenomena foto & berfoto menurut jempolku dewe. Nah, sing mau bengi durung moco atau sing wes moco tapi pengen tandhuk, iki tak klumpukne neng kene ben kepenak. Nyoooh monggo disikat...

Foto ping 10 luwih, akhire sing dinggo mung 1 & sisane dibusak kabeh. Iki jelas tipe uwong sing perfeksionis.

Foto pisan, elek po apik langsung dipajang. Nek sing iki tipe percaya diri.

Galau Gentho (seri 7)

Esemmu cen manis, sayange untumu gigis.

Cintamu seminim rok para cheerleader.

Ibarat ngoyak copet, ha mbok tekan ngendi wae parane cintamu tetep bakal tak bledig nganti kecekel. *seeer

Wajahmu pancen berseri-seri, sayange irungmu imitasi.  

Golek Ilmu & Pendidikan

Dalam rangka memperingati hari pendidikan nasional, aku nduwe sedikit cara pandang iki tentang pendidikan & golek ilmu, nyoooh disimak:

Sing jenenge pendidikan, golek ilmu, kui ora mung sebates mangkat sekolah/kuliah lan lungguh rapi neng kelas ngrungokne guru/dosen.

Golek ilmu kui iso seko ngendi wae, paling cedak yo seko keluarga, terus lingkungan, dan sesama menungso. Nek karo dhemit engko ndak repot.

Srawung, gotong royong, kui juga wujud golek ilmu neng masyarakat. Sopo ngerti entuk bonus ilmu mbribik sing jitu seko wong tuo2. *eh

Ngregani alam, berpartner dengan alam kui juga pelajaran & ilmu urip sing penting. Ojo mung pinter golek semak2 dinggo mojok nyuk.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...