Luwih Penak Jomblo (seri 6)

Pacaran: rawan diselingkuhi, loro ati. Jomblo: iso dadi selingkuhan, rasah repot2 nganggo ati.

Bagian paling angel dadi jomblo ki mung siji: menentukan pilihan arep karo sing ndi. *pasangrainyenyengit

Sejatine wong sing pacaran kui lah wong sing ora payu. Ha mung arep melampiaskan napsu we kok ndadak pacaran. Kalah canggih karo sing jomblo 

Begitulah pacaran, endingnya akan pegat juga.

Nek pancen ono sing langgeng pacaran, kui mesti yo mung mergo kepepet. Raiso golek sing luwih ayu/ganteng tinimbang pacare sing saiki :)) 

Ora kober nyelengi dinggo tuku barang sing dipingini, mergo duite entek dinggo ngopeni pacar.

Kui pacar po hansip je? kok over protektif banget. Jelas mbangane nduwe pacar tp koyo ngono kui. 

Anjing menggonggong kafilah berlalu, pacar merongrong mesti ndasmu sing ngelu.

Kaum pacaran ki mung iso nggaya nek pas iseh pacaran. Nek wes dipegat yo mung iso meneng, ndepis, melas, mimbik2 dan mengobral curhatan. 

Anjing menggonggong kafilah berlalu, pacar merongrong mesti ndasmu sing ngelu.

Pacaran: dipegat. LDR: diselingkuhi. Jomblo: dicari-cari.  

Pacaran ki pilihane mung 2: dipegat utowo selingkuh. Nek jomblo jelas pilihane luwih akeh.

Pacaran: bingung milih klambi sing arep dinggo ngedate. Jomblo: bingung milih bribikan sing ndi sing arep dijak ngedate.  

Percumah skripsi lancar nek tetep dijajah karo pacar.

Melas tenan sing do gelem nglakoni LDR, hubungane ki ora berdasarkan perasaan, tapi mung tergantung sinyal HP.  

LDR: nek sinyal HP lancar, engko galau mergo dadi soyo pgn ketemu. Nek sinyale lelet, mesti mung marai padu, njuk pegatan.  

Pacarmu ki nek kucinge ngelih langsung ditukokne pakan. Nek koe sing ngelih, yo dijak mangan sih, tapi tetep koe le mbayari.  

Pacarmu ki nek kucinge loro lgsg panik & cepet2 digowo ke klinik. Coba nek koe sing loro, paling2 mung dionekke "rasah aleman!"

Pacaran: kucing2an karo wong tuane soale ra diijinke pacaran. Jomblo: kucing2an karo bribikan liyane supoyo adil. ora kualat.

6 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...