Quote Gentho (seri 8)

Percaya diri kui: ora isin ngupil neng ngarepe pacare. Nek perlu malah dileletke sisan sbg bukti tanda kasih sayang.

Setia: selingkuh tidak memandang usia.

Berbuat baik kui nek terlalu bernapsu yo dadine ora apik, contone: sok dadi mak comblang, padal awakmu dewe ki ra payu2. Nelongsooo :))

Mending pisuh2an sebagai wujud kemesraan, mbangane sok apikan tapi hobi menikam dari blakang. Padal blakang kui identik karo wc

Bagi kaum wanita sing rung payu2, tak dongakne gek ndang payu. Yo minimal mugo2 dibajul lah, ben ora melas2 banget :D

Wahai para wanita, Kartinikan hatimu, nek dipegat yo sing teteg. Rasah sedih suwe2, raono gunane, iseh akeh liyane.

Melu kerja bakti nyuk! Ewang2 sisan srawung. Ojo mung lagi njedul pas panganane wes metu, gelem nguntal ning ra gelem tandang gawe!

Ojo sok nglimpe wong tuamu, nylundupke pacarmu neng njrero omah. Barang slundupan ki biasane ora apik tho akibate.  

Dadi uwong kui sing kreatif tho! Mosok pacar & selingkuhan dijak mangan neng panggon sing podo. Ra bosen po koe? Monoton tho!

Sebagai bentuk balas budi, misale pacarmu nyekel tanganmu, nek iso yo koe mbales nyekel sing liyane, ojo mung tangane. *eh *husngawurwae!

Rasah meri karo opo sing di nduweni kancamu tho, sing ketok kepenak ki durung mesti kepenak. Begitu juga pacaran.

Uwong sing sregep adus ki mesti wonge minderan, saklek, kolot, jg tidak siap menerima tantangan & sesuatu yg baru.

Nek uwong sing jarang adus, mesti wonge PD, terbuka, siap menerima tantangan & sesuatu yg baru.

Lha tiwas adus klimis, nemoni pacare, jebul mung njuk dipegat. Ha melas banget uripmu.
Coba nek le nemoni pacarmu koe ora adus disik, sopo ngerti kan koe njuk didusi karo pacarmu. Nah kan dadi batal dipegat to?

Nemoni dosen pembimbing jg ra perlu adus ndisik. Supoyo dosen ra betah nyawang raimu, jd koe aman ra keno pidato seko dosenmu.
Nek adus sek njuk nemoni dosen pembimbing, ciloko koe! Mesti dicramahi, "koe ki sempet adus tp kok ra sempet nggarap skripsi ki kepiye?"

Jangan jadikan pegatan sebagai alasan putusnya tali silaturahmi. Sambunglah lagi, dengan menjadikan mantan sbg selingkuhan. *eh

Dahulukan kewajiban daripada hak. Makan siang karo pacar, engko makan malam lagi karo selingkuhan. *eh

Uwong kui ora mungkin dadi apik nek ora ngerti sing elek, ibarate ora mungkin ngerti sing semok nek ra ngerti sing trepes.  

Dadi elek kui gampang, tapi dadi apik kui jan-jane yo gampang. Ora percoyo? Pegaten pacarmu, lak keuanganmu bakal lumayan membaik.

Rajin pangkal pandai, hemat pangkal kaya, menghina jomblo pangkal dipegat!  

Nek sore ngene iki okeh sing njuk macak resikan, bar adus njuk ngetwit: habis mandi nih, seger. Kui cah SD we yo ngerti, ngopo di twit nyuk!

Dadi uwong kui kudu sinau sabar. Nek pas lg karo pacarmu, yo ojo kemrungsung selak pengen nemoni selingkuhanmu, supoyo pacarmu ora curiga.

Ojo sok seneng banget karo sesuatu, engko nek ono opo2 ndak malah dadi sengit banget. Dan lagi, sesuatu kui lak wes trademark e yu Syahrini.

Megat pacar kok koyo nggusah pitik, wah kurang ajar koe tho! yo ojo ngono2 banget lah. Mbok yo sing dramatis sithik laaah.

1 comment:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...