Quote Gentho (seri 19)

Nek arep nembak lawan jenis, ojo nganggo strategi striker bal-balan. Soale striker nek arep ngegolke ki biasane ra nganggo nembung. Iyo to?

Kabeh sing modern ki asale seko sing tradisional. Makane ojo lali karo oyot, ndak malah ambruk uwit e.

Nek iso mbribik kakang adi sekaligus ki rasane koyo entuk bonus.

Weruh mantan nggandeng bribikan anyar kok cemburu, wagu!

Malu2 padal napsu.

Jomblo Non Ngenes

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo nek nduwe pacar ra peka tapi pekok. *eh

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo nduwe pacar ning minggat nek wes urusan sing mambu mbayar.

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo didadekne pacar ning mung nggo lengkap2 bio Twitter.

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo nek nduwe pacar tapi rasane malah koyo dijagani satpam.

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo nduwe pacar tapi kowe diumbar tanpo perhatian.

Jomblo kok ngenes, ngenes ki yo pacaran tapi terus2an kucing-kucingan.

Pacaran Ala...

Gaya pacaran kui pancen bedo2, ono sing pacaran ala mi instan: nggawene ubek, entek e cepet.

Pacaran ala ngimbu pelem: dieman-eman nunggu mateng, eee ra ngertio malah dilimpe disikat codot.

Pacaran ala jangan wayu: wes ngerti mambu tep wae diuntal, engko nek wes mencret njuk lagi gelo.

Pacaran ala numpak becak: alon tapi pasti, neng tengah ndalan sangat iso nek arep ganti tempat tujuan.

Revolusi Gentho

Dalam hidup memang butuh revolusi. Sing iseh sok nganggo sempake kancane, mulai saiki mbok nduwe dewe raketang siji.

Nek pacarmu mung siji, yo monggo kowe arep revolusi opo ora. Pikiren dewe lah piye penake, sing do LDR kui terutama :))

Sing sithik2 macak mellow, asui kui raono gunane tho. Tak tukokne kempeng lho kowe nek do aleman. Mulai saiki kudu sigrak.

Sing neng twitter sok mengumbar kemesraan, mulai saiki direm ojo kebablasan. Engko nek wes pegatan ndak TLmu dadi wagu.

Sing iseh nulis jenenge pacare neng bio twitter, mulai saiki busaken. Kui merugikan, ngedunke pasaran.

Sing iseh sok berkreasi neng kamar mandi, sesuk meneh tuku sabun sing ora wangi. Ben kowe ora betah neng kamar mandi. *hus

Obrolan Gagal (seri 10)

Nek arep Jogging ki streching sek Jo | uwes Tho | ha ket mau mung lunguhan ngono kok | we lha, iki lg streching moto, akeh gadis je | walah

kopi opo Jo sing marai mabuk? | jelas kopi miring | asshh Jo

*neng restoran* mau pesan apa mas? | pesan moral | ppffttt.

*neng toko klambi* mbak saya nyari cawet | ok mas, nyari yg gmn? | yg kamar mandi dalem ya, biar ga repot | mas!

Kowe cinta karo aku ra dik? | sepenuhnya mas | sepenuh hati dik? | sepenuh dompetmu mas | wah

Nek pengen dadi pacarku, syarate gampang mas | opo dik? | kowe gelem tak dadekne sing nomer 7 | waduuh.

Galau Gentho (seri 15)


Esemmu nunjem neng ati, mbasan ngguyu jebul seliliten sawi.

Sejatine wedi dipegat, ning ben ketok gahar sithik saben padu njuk ngancem2 arep megat. Wagu lah itu namanya tho.

"Duh, disini susah sinyal nih", tabahkan hatimu wahai kaum pacaran, itu mgkn pertanda dia sdg dengan yg lain :))

Ibarat wes tekan stasiun ning ketinggalan sepur, yo ngono kui nek kesuwen mbribik tp ora ndang tok tembung, malah minggat bung.

"Oh jadi km ga kangen sama aku?", ha kangen kok dipekso, padakke romusha wae.

Tresnamu gampang suwek, ning angel didondomi.

Galau Gentho (seri 14)

Cinta ki ibarat untu, iso gigis lan ono sing palsu.

Nek lulus cepet, pas wisuda biasane dinehi kembang. Nek lulus e suwi, yo tetep dinehi kembang, tapi sak pot e!

Bribikan ki kadang ibarat bolu emprit, nek kesuwen dinengke engko bongko, nek le nguntal kesusu marai sereten.

Bapakmu mesti dukun, ketoro kowe nek naksir uwong mesti mung tok batin. *eh

Tampilanmu pancen eksotis, sayange atimu sadis.

SMP: cinta monyet. SMA: cinta pertama. Kuliah: cinta kampus, ra lulus2.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...