Quote Gentho (seri 7)

Nek koe luwih percoyo pacarmu mbangane selingkuhanmu, brarti koe pekok! Ha ngopo ndadak selingkuh nek percoyo karo pacar! Mikir tho, mikiiir

Disangoni wong tuane, malah dinggo njajakne pacare.

Nek gelem jujur, mesti koe sok mbatin pengen megat pacarmu terus golek sing luwih joss, yo ra??? Ngaku wae!

Ngapel numpak mobil we gaya, ra gumun aku! Nek wani numpak setom!

Quote Gentho (seri 6)

Rasah kakehan iyik! Nek seneng ki yo gek ndang kenalan, dibribik njuk ditembung. Selak disaut wong liyo!

Ngrayakne tanggal jadian ki biasa. Nek wani mbok gawe perayaan tanggal pegatan, dadi sesasi pisan koe reuni karo mantanmu.

Pacarmu direbut wong liyo? Sukur!!! Salahe pacaran!

Nulis jenenge pacarmu neng bio twitter ki prilaku wagu, wes ngono juga mateni pasaran! Busak wae!

Luwih Penak Jomblo (seri 5)

Pacarmu ki mung ngentek-entekne duit, luwih kejem mbangane tuyul.

Pacaran kui penake mung pas jadian, selebihnya adalah siksaan, dan ngenes pas pegatan.  

Pacaran: nduwe pacar luwih seko 1 jelas jenenge selingkuh. Jomblo: nduwe bribikan luwih seko siji tandane ampuh.

Pas nembak ki biasane harap2 cemas, pas pacaran isine malah mung cemas, pas dipegat rasane njuk bebas. Pancen

Obrolan Gagal (seri 5)

Selain gaya batu, koe iso renang gaya opo meneh Jo? | Tiarap Tho | Waaah -_-

Kuliahmu kok ra lulus2 to tho? | Rapopo Jo, aku durung siap dadi pengangguran | Woh nyindiiir -_-

Nyoh dik tak nehi coklat | wah nuwun yo mas, dingaren romantis | kui mau jane nggo selingkuhanku, tur de'e lagi loro untu | *digajul

Galau Gentho (seri 6)

Aku gelo tau nglarani atimu, tur aku luwih gelo mbiyen metu duit akeh nggo ngopeni sliramu.

Tresnamu ki ibarat coklat. Nek kepanasen lumer, nek kademen beku.

Neng TL akeh sing lg do macak komentator bal-balan. Aku tak milih macak striker wae, langsung ngegolke neng atimu wae. *Asshh

Parasmu memang lucu, sayange koe marai dedel duel isi dompetku.

Rayuan Gentho (seri 4)

Aku janji ra bakal selingkuh meneh, aku wes ora nduwe selingkuhan kok. Wong saiki selingkuhanku sisan wes tak pacari.

Nek koe dadi pacarku, ora mung tak nehi coklat. Nek perlu sak uwit e tak bedolke nggo koe!

"Saking leh ku naksir karo koe, begitu kebelet ngising we sing tak eling2 langsung koe kok, dudu WC."  

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...