Galau Gentho (seri 6)

Aku gelo tau nglarani atimu, tur aku luwih gelo mbiyen metu duit akeh nggo ngopeni sliramu.

Tresnamu ki ibarat coklat. Nek kepanasen lumer, nek kademen beku.

Neng TL akeh sing lg do macak komentator bal-balan. Aku tak milih macak striker wae, langsung ngegolke neng atimu wae. *Asshh

Parasmu memang lucu, sayange koe marai dedel duel isi dompetku.

Wajahmu cen imut-imut, sayange kelakuanmu marai sirahku kemut-kemut.

Pacarmu tok sms ra mbales2? Ha yo jelas, wong lagi sibuk mangan cokelat seko selingkuhane je :))

Sak sumuk-sumuk e mergo panas, iseh luwih sumuk mergo nyawang dapuranmu.

Tresnamu ibarat tas kresek, gampang dicangking wong liyo rono-rene.

Selingkuh kui ibarat ngising neng WC umum, tur lawange raiso dikunci. Haaa bayangno dewe rasane, opo meneh nek ujug2 ono sing mbuka lawange. 

Tiwas dandan maksimal, rekane ngapeli pacare. Jebul tekan ngomahe malah mung dijak maen skak karo bapakne.

Tresnamu seringkih wulu kelek. Ora ono opo2 we sok brodol dewe.  

Ngapeli koe ki malah koyo wong maen badminton. Lha Bapakmu mesti ngancani terus je, koyo wasit wae.

Ngombe jamu ki pait tur marai awak seger. Ha nek pacaran karo koe ki wes pait, tur malah marai klenger!  

Tiwas dandan maksimal arep ngapeli pacare, jebul tekan nggone malah mung kon njungkati brengose bapakne.

Tukang mbribik ki iso ibarat petani, rajin nandur tur kadang2 gagal panen. 

Tresnamu marang aku seringkih barang KW.

Bapakmu mesti juragan lengo, ketoro lambemu koyo torong.  

Bapakmu mesti pejabat pemerintah, ketoro koe ketularan le nyenyengit!

Bapakmu mesti juragan knalpot, ketoro koe nek ngomong nyengko & mbleyer. 

Opo kui? Wanine nyawang tapi ra wani ngundang!

Ibumu mesti mbiyen nyidam njiwit gajah, ketoro omonganmu nylekit.

Sliramu ibarat skripsi sing uwes dibiji, mung dadi sekedar crito & kenangan.  

image: google 

5 comments:

  1. Tambah yakin lan jelas, nek admine Gojek Gentho alias Robocop ki asline mahasiswa galau sing kuliah ning daerah Jogja.
    Keep posting Tho, aku pengikut setiamu.

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahaha matur nuwun Tho. keep following & keep reading Tho. bener ra kui boso inggris e? hahaha

      Delete
    2. Bener Tho, tapi koe luwih apik ra usah keminggris tho ndak dadine kacau koyo #kamusGentho gaweanmu. Hahaha

      Delete
  2. ngekek maksimal Tho :D

    ReplyDelete
  3. tho aku mahasiswi pengikut setiamu tenanan, opo wae sik kok posting mesti tak waca, tak print, njur tak pangan..
    kurang kepiye tho... saking aku leh tresna kowe..

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...