Quote Gentho (seri 21)

Isane mung ngece, ning raiso nggawe. Mental kering tempeee...

Dumeh bribikanmu tok traktir ayam presto terus ki yo ora njuk ateges atine gampang tok lunakke tho.

Nek do ngedit foto profil niat, nek kon ngedit skripsi kicat-kicat.

Ngopo2 kok over akting, rumangsane urip ki padakke casting.

Sejatine, kangen kui adalah napsu yg sedang menyamar. *eh

Nek kendaraan rusak, gampang golek bengkel servisan. Lha nek rusak le kekancan lak kangelan le golek servisan.

Soyo cedak kowe karo bribikan, soyo adoh kowe seko pendadaran. *hakdes

Seksi Kui

nek wani nolak tanpo basa-basi. kakehan basa-basi malah mung sok marai tambah loro ati.

nek nduwe pacar ora kemlinthi, nek pegatan njuk semangat move on golek ganti, nek perlu ora mung siji. *eh

wani, wani ngakoni nek wes konangan ngapusi. Ora kok malah njlimet golek argumentasi. *uhuk

marang wong tuo gemati, ngabdi, lan ngormati.

meskipun nduwe pacar tetep karo konco ora lali. Guyub, seduluran tanpo tendensi.

ora isin tekon nek pancen ra ngerti, mbangane mung terus2an keblasuk ndongkol neng ati.

Quote Gentho (seri 20)

Bribikanmu bakal ketok asline nek pas lagi muntub2 kebelet ngising ning ra nemu2 WC.

"Kita break dulu aja deh", wes jelas kui adalah kalimat cicilan tho, cicilan dinggo megat.

Onderdil motor we butuh peremajaan je tho, mosok pacar ora? ha engko nek ngadat piye? *eh

Wes to, ra mungkin wes nek pacarmu ra tau mbayangke saru tentang dirimu. *eh

Pacar cuek mbingungi, pacar crewet yo mbingungi, pancen kaum pacaran ki kaum ketlingsut tenan kok, kaum bingung.

Sing kene adik2 do direwangi keju & pepanas upacara, sing kono do gari lungguh we nganggo acara keturon, bajilak!

Rasah sok mendem kebencian, engko ndak le ndudah angel tho.

Galau Gentho (seri 16)

Bodimu cen sok marai napsu, sayange wulu kelekmu nyalip lengen klambimu.

Nek nyipok cewek sing bengesan ki marai untune gigis ra yo? :))

Kok yo raono pacar kemasan yo? sing instant rasah nggo pendekatan.

Nek milih pacar ibarat milih sempak. Yo miliho sing anti selip, ben ra gampang mingar-minger. *eh

Nek ibarat kathok, tresnamu ki sejenis kolor sing gampang mlotrok. *maktleser

Nek pancen seneng, ha yo gek ndang atine tok plintheng. Ojo mung meneng anteng, ndak selak disaut sing luwih ganteng. *auwooo

Misale Pacaran Ibarat Baris-Berbaris


Misale kegiatan2 pacaran diibaratke nganggo istilah baris-berbaris, mgkn pendekatan, merapatkan jurus2 pembribikan, kui ibarat lencang depan

Mulai gencar mbribik, kui ibarat majuuu jalan!

Dadian, mulai pacaran, kui ibarat langkah tegap majuuu jalan!

Nek wes pacaran njuk kangen mantan, kui brarti balik kanaaan grak!

Nek wes nduwe pacar njuk ngingu selingkuhan, kui brarti hadap serong kiriii grak.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...