Galau Gentho (seri 5)

Gawakno pacarmu tai kucing. Karna nek lagi kasmaran kan jarene "tai kucing rasane coklat."

Tombo teko loro lungo, pacar lungo selingkuhan teko. *eh

Nyedaki koe ki ibarat mancing, nunggoni suwe ra nyantol2, mbasan nyantol kok ditarik malah pedooot.

Tingkah lakumu seruwet wulu kelekmu.

Aku pengen nduwe rambut kribo, ben iso tak nggo nyimpen atimu.

Cintamu tak sehangat banyu tremos.

Quote Gentho (seri 4)

Sejatine wong sing tangi isuk kui mbuka dalan rejeki luwih ombo, minimal entuk rejeki ambu sego goreng sing lg dimasak tanggamu.

Sungguh nelongso uripmu sing yah mene wes kepekso tangi mergo kudu nggugah pacare, nek ora engko wedi dipegat :)) Jirih! :)) [iki tak twit sekitar jam 4 isuk]

Nek pacarmu tiba2 nyenyengit & mancing2 koe nesu. Ati2, kui mesti sengojo ben koe megat de'e mergo de'e wes nduwe serep :))

Begitu pacarmu nyekel tanganmu, perlu diwaspadai, karena misi selanjutnya mesti adalah nyekel bagian2 liyane :))

Obrolan Gagal (seri 4)

Aku pengen tobat dik | yo syukur mas nek ngono, apik kui | iyo, aku arep tobat ora ngingu koe meneh | woh kewanen koe mas! *sampluk

*malu2 kucing* jane opo to dik sing marai koe sayang karo aku? | yo soale aku penyayang binatang mas, dadi aku kudu konsisten | dik!

Bojoku kok omongane soyo atos yo tho | di presto wae Jo, ben lunak | padakne bandeng.

Mas, mbok aku ditumbaske minyak wangi | mbuang2 duit! arep minyak wangi merk opo wae ki tep kalah awu karo ambune ababmu | asshh mas

Mas, neng sekaten yuk | ojo dik, rawan bahaya | lho kok iso? | bahaya dinggo keselamatan isi dompetku dik | asshh pokil -_-

Skripsi Yang Kolot

Pancen seneng mesti nek dadi mahasiswa baru, wes ora kudu sabendino tangi isuk, wes ora sragaman, sing lanang rambute oleh gondrong, dan masih banyak lagi kenikmatan lainnya yang dirasakan seseorang ketika menjadi mahasiswa baru.

Tapi, ketika koe dadi mahasiswa tingkat akhir, dan ketika koe wes mulai disibukkan oleh tugas akhir yang dinamakan skripsi. Wah mesti isine mung nggresulo, stres, kejel-kejel, ling-lung dll, pokoke akan terjadi hal-hal sing menunjukkan bahwa koe wes mendekati edan hahaha. Dan hal itu akan diikuti dengan bermunculannya para generasi galau kelulusan hahaha.

Rayuan Gentho (seri 3)


Nek koe sawah, aku parine. Nek koe gurun, aku pasire. Nek koe langit, wah lha kok adoh banget yo? rasido wae!

Nek koe sedih, tak hibur. Nek koe galau, tak jak dolan. Nek koe nesu, ha tak tinggal mlayu.

Nek koe gelem dadi pacarku, kuliah tak antar jemput, tur nek kuatku mung numpakke angkot yo koe tetep kudu manut.

Nek koe dadi pacarku, opo wae sing dadi kepinginanmu tak turuti, tur kui kabeh mung sing iso dituku nganggo duit monopoli.

Dadio bojoku, aku janji semua milikku juga bakal jadi milikmu. Omah, motor, & termasuk cicilan kredit barang-barang kui mau.

YouTube Channel gojekGentho and The First Video

Halo tho, nggaya banget yo iki judule nganggo boso Inggris hahaha, mbuh bener mbuh ora kui tulisane tapi pokoke maksudku ngono kui, koe mesti paham laaah. Ok langsung silahkan disimak wae cerita critone...

Seiring berkembangnya tekhnologi, dan seiring menjamurnya para mahasiswa tingkat akhir yang galau kelulusan, maka aku memutuskan untuk mulai merambah ndonya anyar meneh sing arane YoutTube. Nah, jadi mulai saiki aku wes nduwe YouTube Channel: gojekGentho, monggo langsung di subscribe bagi kalian yang juga sudah punya YouTube Channel. Dan bagi sing rung nduwe, tenaaang, karena pasti juga bakal tak twit & posting neng blog ketika  sesuk2 aku upload video anyar.

Alkisah, dalam beberapa hari terakhir iki critane aku lagi getol meguru karo mbah google: carane nggawe Stop Motion Video. Setelah browsing rono-rene, keblasuk sana-sini, akhire aku nyoba nggawe Stop Motion Video tersebut dengan pengetahuan sing iseh pas-pasan. Dadi harap maklum nek durasine mung sedilit & videone iseh semrawut hahaha, jenenge wae iseh ajaran tho. Nah sekalian dinggo nganyari YouTube Channel gojekGentho, video percobaanku kui mau tak upload. Monggo silahkan langsung disaksikan saja, ojo lali komen yo tho (neng blog & YouTube), dan sebarkan. Nuwun :D


mmmMug [stop motion video] - gojekGentho





Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...