Luwih Penak Jomblo (seri 13)

Ora nggowo skripsi ning mangkat bimbingan. Koyo LDR yo? Nduwe pacar ning ra ngedep. *ihik

Pas pacaran komit, pas pegatan komet.

Saben isuk rasane kopi iso bervariasi. Jelas bedo karo pacar, opo meneh nek mung nduwe siji. *eh

Pacaran: padu, njuk ra ketemuan. LDR: padu, njuk wegah telpon2an. Jomblo: padu, padu ro sopo? Kene ki sing dioyak-oyak je, sori waeee

Pacaran: dipungut biaya. LDR: dipungut pulsa. Jomblo: dipungut hatinya.

Ketemu we ra tau kok isa-isane padu, njuk sing diributke ki opooo? weees jan kaum LDR ki pancen wagu.

Quote Gentho (seri 28)

Sejatine ijasah kui ora marai wareg. Dadi pacar kui ora kudu sarjana, sing penting lak tanggung jawab. Paham?

"Sing penting atine dudu raine", iki slogan sing mbingungke. Ha nek lg kenal arep ngerti atine seko ngendi? Seko njero klambi? *eh

Diduakan ki kepiye? Di blab ngono maksudte

Sedia cadangan kandidat sebelum pegat kui ibarat lg mendung ning wes nganggo payung.

Nek kowe wes nduwe pacar & wegah dibajul, pasang tulisan wae neng bathuk "selain petugas dilarang masuk".

Mbribik kui dudu pertandingan, dadi ditompo opo ditolak kui dudu urusan kalah menang.

Galau Gentho (seri 19)

Nek mbribik kui ibarat nglangi neng kali, brarti ditikung ki ibarat disalip tai keli. *eh

Nek mung komat-kamit, kowe malah mung dikiro nggusah dhemit. Nek naksir ki yo ngomong sing bener meskipun hasile pait.

Kui ki pacaran opo ujian? arep ngopo sithik we kok kudu dibawah pengawasan.

Nek pacaran kui ibarat ujian matematik, asshh mending mlencing bali gasik. *eh

Sliramu cen ramah e ra karuan, ning bul atimu atose ngluwihi cor-coran. *uhuk

Bapakmu mesti juragan warnet, ketoro kowe mung wani nyopo lewat internet. *hakdes

Nyawang sliramu marai atiku anteng, ning wulu kelekmu marai aku loro weteng.

Rayuan Gentho (seri 7)



Bapakmu mesti juragan mercon, ketoro saiki bobotmu njeblug. *eh

Akan kuhapuskan air mata dipipimu, nganggo kanebo.

Malam ini wajahmu sungguh menawan, opo meneh nek pas neng petengan.

Dadi pacarku wae, cintaku tanpa formalin kok. *eh

Ra masalah raimu mrengut, sing penting dompetmu ora. *eh

Quote Gentho (seri 27)

Ha mending ditolak mbangane ditompo ning mung mergo ra penak. *uhuk

Ditolak rasah semelang, wong yo iseh akeh sing atine siap tok nyang. *ehaduh

Ora ono pacar sing pancen bener2 tulus, kabeh mesti tep nduwe karep ra ketang mung pengen dielus-elus. *ihik

Njaluk ngapuro ojo mung ukoro, kudu diniati tenanan seko jroning dodo. *omongopoh

Kadang bribikan malah dadi angel diburu nek kowe terlalu menggebu-gebu.

Mbribik kui dudu balapan, dadi rasah salip-salipan. *uhuk

Pegat Wae (seri 5)



Nek pacarmu wes ogah-ogahan, mungkin kui tandane wes expired, wayahe ganti anyar tho. *eh

Nek pacarmu mung nggugu karepe dewe, mending kowe mlipir neng atine tanggane. *eh

Nek pacaran marai kowe ora konsen nyambut gawe, mending . Mbangane kowe dipegat bosmu seko gaweanmu, lak malah ciloko!

"Sungguh berat menjalani hub ini bersamamu", wes tho, kui wes jelas kalimat pelecehan atas berat badanmu.

Karena LDR adalah ajang menyimpan tipu daya :))
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...