Galau Gentho (seri 15)


Esemmu nunjem neng ati, mbasan ngguyu jebul seliliten sawi.

Sejatine wedi dipegat, ning ben ketok gahar sithik saben padu njuk ngancem2 arep megat. Wagu lah itu namanya tho.

"Duh, disini susah sinyal nih", tabahkan hatimu wahai kaum pacaran, itu mgkn pertanda dia sdg dengan yg lain :))

Ibarat wes tekan stasiun ning ketinggalan sepur, yo ngono kui nek kesuwen mbribik tp ora ndang tok tembung, malah minggat bung.

"Oh jadi km ga kangen sama aku?", ha kangen kok dipekso, padakke romusha wae.

Tresnamu gampang suwek, ning angel didondomi.

Mesem we kok angel to, lagi ngemut isi dondong po?

Nek mbribik ki mbok golek basa-basi sing rodo mbois ngono lho tho, mosok lg pertama telponan tekon "kowe lg klamben ra?". Ha yo kaco!

Cinta ditolak, mantan dicandak.

Misale cinta ibarat kathok, nek sesak yo rasah dipeksakne. Ndak marai ono sing keplenet. *eh

Nek ono online shop sing dodol anti gores dinggo ati, mestine bakal best seller kui :D Akeh sing atine lg hiyung kui :p

Nek cinta ibarat jangkrik, yo rodo repot kui. Dicekel angel, terus mbasan kecekel mesti iyik wae!

Ibarat streaming, mungkin cintamu iseh lagi buffering :))

Kudune julukane diganti dadi dosen pemBimbang wae, lha isone mung printah revisa-revisi terooosss...

Bibir pecah2 ki gejala jatuh cinta tho, kangen ngesun kui. *ihik :))

Maksudku jane yo ngono, ning kalimate arep metu seko cangkem ki kok anyang-anyangen ngene, wah

Mbuh ngopo nek krungu ukoro confidence ki sing kebayang malah kelek -_-

image: google

No comments:

Post a Comment

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...