Galau Gentho


Berikut kumpulan (random) dari twitter gojekGentho bagian 1:

Aku pingin dadi presiden ben iso turut prihatin atas hatimu.

Aku pengen dadi koki ben iso mbumboni atimu.

Aku pingin dadi wasit ben iso nyemprit atimu.

Aku pengen dadi kiper ben iso nyekel balmu. *eh waduh!

Aku pengen dadi atlit renang, ben iso ambyur neng atimu. Aaaak

Aku pengen dadi pak pos, ben iso maketke atimu tekan kene. seeer #galauGagal\

Aku pengen dadi manager, ben iso memanage atimu. *piyei???

Aku pengen dadi blandong, ben iso negor atimu. *waduh

Aku pengen dadi sutradara, ben iso menskenario atimu. Seeer

Aku pingin dadi tukang las ben iso matri atimu neng atiku. Eaaa

Aku pingin dadi dokter ben iso nambani atimu.

Aku pingin dadi pilot, ben aku iso ngeburke atimu nggo aku. Eaaa

Aku pengen dadi petani, ben iso manen atimu. Eaaa

Aku pingin dadi pelari sprint, ben iso cepet ngoyak atimu. eaaa

Aku rung oleh gawean, nganggur, kiro2 neng atimu ono lowongan ra? eaaa

Nek aku maling, atimu tak colong. Nek aku hansip, atimu tak jagani. Nek aku atlit, atimu tak nggo bal-balan *eh

Nek aku polisi, atimu tak borgol. Nek aku kurir, atimu tak pethuk. Nek aku pengrajin, atimu tak pigura! *padakke pajangan!

Nek koe pari, aku sawahe. Nek koe lendhut, aku banyune. Nek koe hama tikus, ha tak pasangi jepretan koe!

Cinta kui ibarat nguntal kates. nek kokehan mencret, nek ra tau mangan sok marai angel ngising!

PDKT kui ibarat ngliwet. nek berhasil yo mangan enak tur nek gagal yo mung entuk intip!

Lhaaa, nek ditolak, kui ibarat nguntal duren sak kulite! *modyaaar

Cinta kui ibarat wong ngombe, nek kakehan marai ngompol, nek kurang marai sereten!

Nyawang raimu nyenengke, ndelok lambemu nggregetke, ngambu ababmu nyilakakne!

Nyekel tanganmu aku deg-degan, ngrangkul pundakmu aku ser-seran, ngentekke duitmu aku ketagihan.

Ibarat wong gelut, atimu ki wes nggo kroyokan. nek wes babak belur, lagi tok kekne aku. silit!

Mbribik atimu ki ibarat browsing tur "problem loading page". *raiso dibuka, raiso diakses!

Karo koe kui ibarat ngepit, nek kesuwen bukane sehat tur malah mung marai ngos-ngosan.

Cintamu tak setebal wulu wedhus.

Cintamu sekecut kelek.

foto: google



2 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...