Obrolan Gagal (seri 12)

Awan2 kok wes manyun to dik | lho, genah ket mau aku sumeh kok mas | ha justru kui, sing ketok manyun ki untumu | jirut kowe mas *ngampleng

Lho, kenari ne didol po mas? | iyo dik | lha ngopo je mas? | lha le ngoceh luwih pinter kowe mbangane kenari ne | mas!

Rene Jo ngopi2 sek kene lho | wegah Tho, engko ndak ireng | woh Jo

Suk nek prewed konsep e opo yo mas? | sing natural wae dik | oh ok, nek sing natural yo brarti konsep majikan & pembantu wae yo | yo

Mlaku2 yo mas | neng ndi dik? | yo neng ndi kek, golek angin | ha nek ngono neng tambal ban wae, kono mangkato dewe dik | asshh mas

Pacarku saiki wes jarang kon nggawakne kembang | ha yo sip, brarti ngirit | ngirit ndasmu wong saiki ki sing dijaluk bunga bank | wooo -_-

Arep neng ndi Jo kok kesusu? | arep neng pasar loakan | oh, golek opo je? | golek panggon, dinggo majang foto mantan | woh

Panas bgt yo dik, golek seger2 enak iki | iyo iki mas, yuk neng ndi? | lha kui neng kamar mandi, adus kan njuk seger | *ngampleng

Piye Jo sidane bribikanmu tok kado opo? | pokoke unik & ora mainstream Tho, sesuai saranmu | joss! opo? | kembang & menyan | wadiiiuh

Mbois tenan kowe neng video iki mas | wah nuwun dik, neng bagian sing ndi? | bagian sing raimu diefek kotak2 koyo penjahat | wah dik

Kowe rung ngantuk? | durung | piye to carane ben ra ngantuk koyo kowe ngono? | pegatan, engko lak kowe ra ngantuk2 | wooo bul kahanan :D

Tembok omahku arep tak mural Tho | wangun! gambar opo? | kwitansi, sopo ngerti utang2ku njuk dinehi kompensasi | ngono yo keno Jo -_-

Tresnaku marang sliramu, nganti raiso tak gambarke | ah tenane mas *isin2 | tenan dik, wong aku minim alat tulis | wah mas -_-

 photo HEADERmerchandise_zpsd19ec3ee.jpg

4 comments:

  1. paling seneng karo Obrolan Gagal..
    haha, nuwun mas tho.. lanjut gawe sek okeh yo :)

    ReplyDelete
    Replies
    1. Haha nuwun yu. Siap pokoke, kerep2 dolan rene.

      Delete
  2. wah ,suwe r dolan mrene gojekan e tambah jos tho

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...