Quote Gentho (seri 18)

Dilihat, diraba, diterawang. Sing jelas kui dudu tips mbribik tho, ojo sekali2 mbribik nganggo coro ngono kui.

Ojo selingkuh nek pancen ora ahli. Ndak malah mung mala praktek :))

Nek bribikanmu jual mahal, ha yo di kredit wae tho. *eh

Ribet, koyo arep milih cawet.

Dinehi ati ngrogoh rempelo. Dinehi sing empuk og malah milih sing alot, piye je tho!

Dadi uwong kui ojo gampang putus asa. Ning nek putus cinta, ah nek kui lak wes biyasaa.

Nek pas nduwe pacar gayane ra ketulungan, ning nek wes pegatan mesti njuk njaluk dukungan. Begitulah wagunya kaum pacaran!

Pegat yo pegat, ngono we kok angel koyo mikir negoro. Lha wong negoro we ono pemilihan umum berkala kok, mosok kowe ora? *eh

Nembak ki ibarat koyo arep ngising neng kali. Golek panggon paling privat & primpen supoyo metune gampang.

Sing setia neng kono terus ki mung tiang listrik, nek pacarmu ora.

Nyamulan & tawuran.

Sak reget-reget e kaos kakimu, sing penting resik atimu. *hubunganeopo? *haaesshhembuh

Think before everything tho, bukan think before melenthing. *eh

Apapun makanannya, akan ke WC juga berakhirnya.

Roti sing warna-warni kae jenenge Rambo Cake to? Bejo ki tak kandani ngeyil og piyee

Nek pacarmu mulai jaga jarak, mungkin kui trauma mergo mbiyen sok direm mendadak.

1 comment:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...