Seputar Korban dan Sumpah Pemuda

Mending wedhus, wes cetho2 prengus. Mbangane sok bagus ning jebule mung modus. *auwooo

Seko kadohan putih marai ati terpikat, mbasan dicedaki jebul sikile papat. *sapibooos

Nek gawe sate kae cen nusuke seko ngarep, nek nusuk seko mburi ki jenenge nikung. *uhuk

Demi kowe, nganti tak rewangi gembrobyos mbakarke sate wedhus, ning kok kowe mung sibuk nyawang dompetku terus.

Nek cinta ibarat wedhus, wah ha yo mesti soyo mbingungke. Mung mbak mbek mbak mbek wae ning ra cetho karepe.

Misale wedhus kui bintang film action, mungkin dino iki akeh sing pengen maen film Die Hard.

Omonganmu jan ibarat sambel kecap, manis dahulu pedas kemudian. *hakdes

Sinauo konsisten seko wedhus, adus ra adus tetep prengus. *eh

***

Meskipun kerep digawe kecewa, neng ati tetep nunjem cintaku karo Indonesia. Salam Sumpah Pemuda.

Ngopi kui yo cerminan semangat Sumpah Pemuda. lha piye? yo pikiren dewe, mosok kabeh2 ndadak tak kandani, waaah jaaan. *srupuuut

Nek pacaran kok njuk marai kowe lali srawung kekancan, kui juga jelas dudu cerminan semangat Sumpah Pemuda. *uhuk  

Pemuda dan pemudi harus bisa mandiri. Mbribik sendiri sampai menang, jangan lagi tergantung pada mak comblang.  

Nek dasare pengen balen ki yo balen ja, rasah njuk ngeles dihubung-hubungke karo semangat Sumpah Pemuda.  

Nek ngingu pacar malah mung menghambat kowe untuk mandiri, yo mending lah dengan sepenuh hati.  

Ojo mung neng cangkem, tapi yo kudu tekan ati & tenanan dilakoni. *omongopoh

Durung sarjana kui ora ono hubungane karo semangat Sumpah Pemuda. :)) 

"Untuk mewujudkan semangat persatuan, bagaimana kalau kita pacaran?", nembak bernuansa Sumpah Pemuda.

Begitu banyak pemuda dan pemudi di negara ini, dadi opo yo wangun nek pacarmu iseh wae mung siji? *eh  

Hobi mbribik adik-adik merupakan salah satu masalah muda-mudi bangsa yang sangat pelik.  

Mosok wanine mung ngejak mesem ning ra wani nyapa, ha yo isin no tho karo makna Sumpah Pemuda.

No comments:

Post a Comment

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...