Galau Gentho (seri 13)

Tampang pancen model kelas dunia, tapi bodi suaka marga satwa.

Parasmu cen marai aku gandrung, sayange kelekmu koyo hutan lindung.

Aku dadi naksir koe, goro2 nek pas neng WC aku kerep mbayangke koe. Mungkin iki sing diarani cinta lewat WC.  

Dandananmu pancen kece, ning kelekmu mambu WC.

Jika kamu diduakan, jane lak yo ora masalah to asal isi dompet e tetep wutuh dinggo koe? *eh

Ketika cinta berat di ongkos, brarti koe kudu diet. *eh

Tampang mafia, prilaku balerina.

Cintamu bertepuk sebelah tangan? ha yo sukur! salahe keplok, nek mung keplok yo kapan arep oleh pacar!

Sing bodine mulus, iso ugo kringet e prengus. *eh  

HP disilent ki biasane mengantisipasi supoyo pacar ora ngerti nek pas selingkuhan telp. Nah, HPne pacarmu sok disilent ra? :))  

Naksir kok ra wani ngaku, koyo maling wae.

Soal senyum cen tak akoni koe ra pelit, ning nek urusan duit koe ngalah-ngalahi Bank Plecit.

Salah satu kriteria cewek idamanku adlh sing kelek e mulus. Piye carane ngerti? ha kui yo lg tak pikir nyuk, ojo tekon aku! -_-  

Mosok nek kenalan karo cewek njuk kudu ingak-inguk kelek e? lak yo ora jentelmen banget to nek ngono kui. Plus malah dikeplak.  

Mangan sepiring berdua, ben ketok mesra. Padal yo asline nggresulo mergo ra wareg.

Bodimu pancen seksine selangit, sayange leh mu iyik ngalah-ngalahi manuk parkit.  

Bodimu cen koyo model ngolet, ha tapi kok kelekmu burket.

Senyummu yang manis terganggu pagar betis.

Mulo nek pancen wani pacaran yo ojo mung siji, dinehi lawan jenis akeh kok sing dipacari mung siji. *eh  

Keayuanmu pancen selangiiit, sayange awakmu mambu sangit.

1 comment:

  1. apalane lho kelek kyo kutan lindung, batin q mesti sabane mripatmu yo ng skitaran armpit, hohoho

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...