Quote Gentho (seri 17)

"Diam itu emas", aku jan kejebak tenan karo jargon kui. Nyatane aku meneng ra ngetwit2 yo tetep wae rung dadi juragan. *eh

Wes to, meskipun pacarmu macak super rapi, tetep wae kui nduwe keinginan pengen mbathi. *eh

Sejatine do wedi dipegat kui dudu mergo iseh sayang, ning mergo wedi ndak njuk ra payu2.

Nek pacarmu cemburu buta, ha yo gek ndang kon melu kejar paket A. *eh

Rasah sok anti karo mantan, wong yo mungkin pacarmu sing saiki ki mbiyen yo mantane uwong to? :))

Kowe do terlalu wedhi ngakoni bahwa pacaran kui kadang yo marakke sengsoro. Jujur we kok ra wani, jirih!

Nek kowe do nganggep aku iri karo kaum pacaran, sori, aku ra sudi iri karo uwong sing pacare mung siji. Eman2 iriku :))

Manthuk2 ki belum tentu paham, sopo ngerti kui lg ngeden.

Kadang selingkuh ki pancen ra sadar, koyo nganggo sendal selen. *eh

Selingkuh kui pancen bahaya ketagihan, ning iseh luwih bahaya meneh nek keconangan :))

Merengek-rengek, koyo wedhus wae! *eh salah iki ketoke -_-

Nek kowe galau, jalan keluar e gampang. Lewat lawang, ha nek lewat jendelo yo ra sopan tho! piye to kowe kiii...

Benci awal dari rindu, rindu awal dari boros pulsa tho. Dadi nek arep ngirit yo rasah rindu-rindunan.

Wes to, rasah ngarep-arep balen tho, rasah. Ha duitmu we pas kok arep njaluk balen, ha niat disampluk bakule! *hihidoketipu

Nek kowe semangat kuliah goro2 sekelas karo pacar, brarti siap2 wae pegatan nek sesuk pacarmu lulus ndisikan :))

Bejo pacare akeh, jarene terinspirasi seko dosen terbang sing ngajare ora mung neng sak kampus tok.

Ha yo gelo ki biasane cen tekone keri, nek tekone ndisik jenenge kebelet.

Dibajul nesu, ning nek ra payu2 engko yo sambat. Wuuu wagu -_-

Nek naksir yo ojo kesuwen diampet, engko nek kecirit lak malah repot.  

1 comment:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...