Quote Gentho (seri 5)

Nek koe naksir lawan jenis, tp koe mung kebayang si dia ketika koe lg ngising. Wah ketoke kui firasat bahwa dia bukan jodoh yg baik buatmu.

Uwong sing berlagak sok tau mesti kakehan moco artikel2 perdukunan.

Atau mungkin uwong sing sok tau kui korban kekerepen nonton film detektif.

Mungkin juga uwong sing sok tau kui punya obsesi dadi Serlock Holmes, Detektif Conan, Hunter, dll.

Biasane wong menengan sok tiba2 bersikap mengejutkan. Ibarat entut ki nek ora muni malah ambune ngedap-edapi.

Terlalu banyak orang sing ora paham bahwa: nguntal cokelat kui iso sak wayah2, ora mung kudu dino iki tok! - tak twit 14 Februari

Girang banget dinehi cokelat, padal asline kui dudu nggo koe. Kui jane arep dinehke bribikane tur ditolak, dadi yo dinehke koe nggo serep. - tak twit 14 Februari

Nek koe dinehi cokelat kui tandane koe dianggep iseh koyo cah cilik sing iso disogok mung nganggo cokelat. *kasihan deh tho -  tak twit 14 Februari

Dino iki koyone okeh pasangan sing tiba2 doyan cokelat, seneng warna pink, & menikmati kalimat ucapan sing sok romantis. Padal biasane ora. - tak twit 14 Februari

Jaman saiki soyo raiso dibedakne mana kawan mana lawan. Wes, brarti mending golek lawan jenis sing menawan. *eh

Ora adil ketika pacarmu masang fotomu neng kamar e. Bendino fotomu nyawang pacarmu ganti klambi, padal koe dewe rung tau nyawang langsung.

Cah cilik kae we nek didulang sok emoh je, pengen mangan dewe. Lha iki sing wes do gerang, tuo, pacaran malah dulang2an. Njijiki!

Dipegat kok sedih, galau, wes ra ungsum! Dipegat ki yo kudune seneng, wong koe njuk malah iso golek sing anyar. Yo ra? :D

Nek koe ngampiri pacarmu kok de'e wes rapi & siap. Ati2, ojo2 kui malah mergo lagi wae mulih, bar lungo karo selingkuhane.

Sesungguhnya malam minggu adalah malam yg berbahaya untuk keselamatan isi dompetmu!

Pacaran kok ndadak ngenteni malem minggu. Wuuu amatiran!

Sakjane, pacarmu ki kepekso nompo koe dadi pacar e. Sing ora kepekso ki mung nek pas ngentekne duitmu.

Ibarat blonjo, nek bribikanmu/gebetanmu jual mahal yo mending koe pindah toko sebelah wae, rasah mumet!

Mbok ojo sok dadi provokator to. Nek kancane arep pegatan ki wes ben wae, ojo malah diprovokatori ben rasido pegat. *eh :D

Uwong2 sibuk mbahas sopan santun ngetwit, nganti lali bahwa sing paling penting dari semua itu adalah: nduwe akun Twitter :))

Nek pacarmu lebih mendahulukan twitteran karo aku daripada karo koe, wes ben, kui jelas pacar idaman kui, ojo dipegat :))

Nek koe ngapeli pacarmu, terus pacarmu makakne adine ben tok jak dolanan. Kui sejatine mergo pacarmu lg males nemoni koe.

Nek malem minggu ngene iki, pacarmu mesti luwih kejem mbangane rentenir nek urusan duit, ati2 koe.

Ojo ngremehke sing jomblo. Sesuk nek koe dipegat pacarmu, kui jelas mergo pacarmu naksir & luwih milih sing jomblo2 kui mbangane koe!

Saiki nek arep do kuliah ki le dandan ngalah-ngalahi wong arep njagong manten.

Nek pacarmu ngomong kangen, mesti kui lagi kumat le napsu.

Nek koe mertamu neng nggone bribikanmu terus disuguhi teh pait, mungkin kui tondone koe ditolak.

Bengi iki ojo seneng sek nek entuk kenalan, pastikan sek sikile ngambah lemah opo ora.

image: google

2 comments:

  1. mbok dolan neng blog ku tho, tur yo ngapurane lho tho nek blog ku ora se"wah" blog mu. gek ojo kaget lan ojo ndeso nek koe tiba2 krungu lagu pas mbuka blog ku :p

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...