Luwih Penak Jomblo (seri 11)


"Kangen nih yank, tapi pulsa telpon abis", inti kalimat kui ki jane mung: "Tumbaske". Selain kui jelas mung basa-basi.

Pacaran: instal. Pegatan: uninstal. Balen: reinstal. Kui nek cinta ibarat program.

Nek cinta ibarat kringet, brarti sing do LDR kae wes dadi daki :))

Kadang pacar ki luwih medeni mbangane dhemit, selingkuh ora pamit. *auwooo

Nek pacaran ibarat ujian akhir, cepat atau lambat yo mung bakal ditumpuk pinggir. *auwooo

Pait kui nek duit wes mepet, pacar ngejak wedangan ning pesen e sak ceret.

Mungkin pacarmu cen ra tau lirak-lirik liyane. Ning lak kui matane, lha nek atine? kan iso wae. *auwooo

Percumah pacare renteng pete nek kabeh mung sebatas lewat HP. *auwooo

Pait kui nek mbiyen le mbribik nganti keser-keser ning njuk saiki akhire mung LDR. *ngikik

Ibarat raiso renang, pengen nyemplung ning raono pelampung. Begitulah LDR.

Tiwas njogo ati dinggo pacar sing lagi adoh, jebul sing neng kono atine wes ono sing ngrogoh. *auwooo

LDR ki cen nduwe pacar, ning ati terlantar mergo kasih sayang ora lancar. *auwooo

LDR ki arep malem minggu opo ora yo ra ono perbedaan, kecuali nek pancen ngingu selingkuhan. *eh *uhuk

Jaman mbribik direwangi rekoso, mbasan wes pacaran yo tetep wae ketulo-tulo.

Pacaran kok kakehan perhitungan, ha malah ngungkuli wong kulakan dagangan! wuuu...

Opo yo pacarmu iseh wangun tok pertahanke nek gawene ndemeki cawet e tanggane sing lagi dipepe? *eh

LDR ki ibarat ngrokok ning ilang mbakone, ha njuk piyeee??? :))  

3 comments:

  1. mas gentho, mbok gawe soundcloud maneh aku request tirtonadi hahaha... salam nggo mbak yayuk :))

    ReplyDelete
  2. Gan ane mau tanya artinya :
    Iyik :
    Mbangane :
    Njuk :
    Wangun :
    Jawab iya gan, mau buat referensi nih saya enggak tahu artinya maaf aja saya anak jakarta cuma sedikit bisa bahasa jawa :)

    ReplyDelete
    Replies
    1. iyik bisa juga di sebut cerewet

      mbangane = daripada

      njuk = terus ?

      wangun = pantes ..

      Delete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...