Galau Gentho (seri 3)


Tak parani rono, jebul koe neng kene. Tak parani rene, jebul koe lagi karo liyane!

Ibarat sabun batang, koe kui kakehan banyu. Lunyu banget arep dicekel, angel, mrucat-mrucut!

Tak sms ra mbales, koe tak telpon. Tak telpon ra tok angkat, tak dodok lawangmu. Iseh ora tok bukakne?? Tak jomplangke kasurmu!

Jikau kamu rindu padaku, telponlah aku. Jika kamu mencintaiku, kemarikan isi dompetmu!

Biasane nek ngomong "ora, aku ora cemburu", haaa kui saktenane malah cemburu kui :))  

"Sek, tunggu dilit.", nah brarti kui artine malah bakal suwe kui :))

Cintamu ibarat banyu laut, pasang surut!

Asshh males aku mangkat kuliah. Males nek ora ketemu koe.

Aku pengen dadi tukang sampah, ben iso ngguang uwong sing wes ngiseni atimu.

Aku pengen nduwe ilmu kebal, ben ora mempan nek tok larani atiku!  

Aku pengen dadi anggota pramuka, ben ora keblasuk mencari jejak neng atimu. *seeer 

Mencarimu bagaikan mencari tai kucing, baunya sangat dekat tapi sulit ditemukan dalam gundukan pasir.

Cintamu ibarat tato hadiah chiki, gampng luntur.

Aku pengen dadi tukang bangunan, ben iso nglepo raine uwong sing wes ngiseni atimu.  

Aku pengen dadi tukang kayu, ben iso memigura atimu.

Nek koe laut, aku ombak e. Nek koe langit, aku bintange. Nek koe petir, wah mbribeni kuping, kono minggat minggat!


Wah, lha yo wajar koe dipegat! Lha wong nek metu seko kamar mandi kathokmu sok lali rung tok nggo! Ngisin-isinke!

Senengane kok ninggal lungo ra pamit. Koyo wong nguyuh ora digebyur, langsung plencing!

Udano sing deres, ben tresnamu neng pacarmu ndang luntur kudanan. Nek iso nganggo bledek, ben nyamber pacarmu sisan.

Ingin hati mentraktirmu, apa daya dompet melompong.  

Nggagas koe ki malah ibarat koreng digebyur obat merah, periiih. 

Tak rasak-rasakke, suwe2 koe ki malah koyo pemerintah, isane mung mblenjani janji.

Tiwas tak rewangi udan2 marani koe, jebul koe ngeboti wong liyo sing ra jelas kelamin e. *eh

Aku ki ngerti koe iseh seneng karo aku, mung koe wegah ngaku, gengsi mergane pacarmu sing saiki raine luweh kaco mbangane aku.

foto: google


13 comments:

  1. inspirasi mu ki jane sopo tho kok iso gawe koyo ngene

    ReplyDelete
  2. haha yo koe2 para followers kui inspirasiku, eaaa seeer :))

    ReplyDelete
  3. yo inspirasi ki iso teko seko ngendi wae, kadang2 malah kudu diparani, ben ora buntu :)) inspirasi & influence iso seko ngendi wae, tapi karyamu tetep kudu original :)

    ReplyDelete
  4. ngekek ra rampung-rampung yen moco tulisanmu tho :D

    ReplyDelete
  5. hahaha nuwun, sebarke, kandani liyane :)

    ReplyDelete
  6. sing penting tetep nggentho, ojo gelem di pidak raine karo sing jenenge wedokan, ho'o po ora?

    ReplyDelete
  7. bajirut kae sing "mencarimu bagaikan tai kucing" tp rodo bedo sithik mburine baunya sangat dekat tapi sulit ditemukan dibawah sendalku, jebul t
    ak pidak. pengalaman pribadi wingi sore

    ReplyDelete
  8. apik tenan tho,jan marak ke stress e ilang

    ReplyDelete
  9. obat duka lara. top cer

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...