Galau Gentho (seri 10)

Nek ono 2 orang sing sahabatan & mereka ngoyak-oyak koe kabeh, rasah GR. Sopo ngerti koe mung didadekne ajang taruhan.

Nek aku nduwe usaha kolam renang, njuk ono pasangan sing renang karo mesra2an. Aku langsung arep melu nyemplung njuk nguyuh neng kono.

Maksud hati memeluk gunung, apa daya tangan tak sampai: maksud hati nganu gununge pacar, apa daya BHne kenceng banget. *hus!

Pacaran ki ibarat nguyuh neng WC. Nek wes rampungan yo kudu digebyur, ben gek ndang lali ambune & ora ninggal bekas.  

Selingkuh ki ibarat wong nguyuh neng semak2. Clingak-clinguk ben ora konangan, dan berharap baunya tidak tercium siapapun.

Tak akoni bodimu pancen yoi, sayange rupamu mblerengi.

Cinta ki ibarat gelas, nek tugel raiso di las.

Lain di bibir lain di hati: nek pacarmu ngomong kangen, kui sakjane maksudte horni. *hus!  

Jarene pengen melupakan? lha kok iseh buka2 TL mantan ki ngopo? berharap mantanmu gawe kuis berhadiah balen po?? kurang gawean tho.

Nek mantanmu cepet entuk pacar anyar, rasah gumun. Mungkin mbiyen pas iseh karo koe de'e wes karo nyicil mbribik kiwo tengen.

Tresnaku neng koe ki tak awet-awet, sayange kok kelekmu pabrik burket.

Mbribik ki ibarat numpak motor, nek di gas terus ra tau direm yo malah mung nenggel, akhire rasido tekan nggone.

Dipegat kok mewek, dipegat yo golek meneh! Nek perlu langsung 2, dinggo tombo mewek. *eh

Sungguh manis wajahmu, tapi jebul rasane koyo jamu.  

"Gadis itu berdiri tanpa menggunakan sehelai benang pun". Ojo mesum sek, kui mesti lg blebetan godong gedang, ben koyo pepes.

Bribikan ki ibarat layangan, nek dtarik trs yo malah nyiruk. Dadi slow wae, nek kiro2 tatas kan iseh akeh gabulan, rasah repot.

Nek pasanganmu tok pegat njuk nangis. Kui ora sedih mergo kelangan koe, tapi mergo ngroso kelangan investor, ojo ketipu koe.

Bejo ki piye to yo, mosok pertama kali ketemu camer langsung omong, "masak nopo Bu?". Waaah jan, ngetok-ngetoki nek mung golek gratisan -_-

Nek ati ibarat komputer, ha yo kepenak, misale bar dipegat njuk arep noto ati yo gari di defrag.

Pas janji pancen sepenuh hati, mbasan pas menepati njaluk diskon.

Rasah sok pecical-pecicil karo uwong, tatapan matamu ki tak seindah mata uang. *eh

Hawane cen sumuk, tp sing penting atine ora. *seeer  

Piye arep peka kode2 seko bribikan?! lha wong nek motoran we koe ra tau riting kok nek arep menggok!

image: google

3 comments:

  1. ditunggu lanjutane thoo. . .hahahaha. . .

    ReplyDelete
  2. sebenarnya adminnya masih ada enggak sih ?? Banyak orang yang komentar dari beberapa blog gojekgentho tapi tak dibalas?? Yang asli ini mana blognya gojekgentho lumayan banyak lo gua cari di google nama blog gojekgentho. Gila aja broo...

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...