Misale Pacaran Ibarat Baris-Berbaris


Misale kegiatan2 pacaran diibaratke nganggo istilah baris-berbaris, mgkn pendekatan, merapatkan jurus2 pembribikan, kui ibarat lencang depan

Mulai gencar mbribik, kui ibarat majuuu jalan!

Dadian, mulai pacaran, kui ibarat langkah tegap majuuu jalan!

Nek wes pacaran njuk kangen mantan, kui brarti balik kanaaan grak!

Nek wes nduwe pacar njuk ngingu selingkuhan, kui brarti hadap serong kiriii grak.

Lha nek sing pacaran njuk sok mojok neng semak2, kui mungkin hormat senjataaa grak! *eeeh

Nek hubungane digantung, kui brarti koyo istirahat ditempat grak!

Nek wes suwe pacaran, bosen, ra jelas hubungane arep kepiye, kui brarti koyo jalan ditempaaat grak!

Nek onone mung manut lan manut karo printahe pacar, kui mungkin koyo siaaap grak, hormaaat grak!

Nek pegatan, lha yo kui brarti jelas bubaaaar jalan!

Lha, nek LDR njuk diselingkuhi lalu pegat, kui angel diibaratke baris. Tak nehi ukoro dewe wae: nggulung-ngguluuung grak!

image: google

5 comments:

  1. ha nek ora nduwe status pacaran tapi wes iso dijak penak kuwi opo menurutmu tho? :D

    ReplyDelete
  2. hahaha... manteb kang...
    gawekke upokoro pacaran ala numpak motor kang...! Kan ono fenomena balap liar,menggok ra retteng,geng motor,jampeng klekaran,ngasek tekan di tilang polisi tho... lha pentiummu rak lincah nek kon ngreko bab2 ngono kui.. tak tunggu yo kang..

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahahaa yo coba sesuk karo tak pekonah, nuwun tho masukane

      Delete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...