Quote Gentho (seri 20)

Bribikanmu bakal ketok asline nek pas lagi muntub2 kebelet ngising ning ra nemu2 WC.

"Kita break dulu aja deh", wes jelas kui adalah kalimat cicilan tho, cicilan dinggo megat.

Onderdil motor we butuh peremajaan je tho, mosok pacar ora? ha engko nek ngadat piye? *eh

Wes to, ra mungkin wes nek pacarmu ra tau mbayangke saru tentang dirimu. *eh

Pacar cuek mbingungi, pacar crewet yo mbingungi, pancen kaum pacaran ki kaum ketlingsut tenan kok, kaum bingung.

Sing kene adik2 do direwangi keju & pepanas upacara, sing kono do gari lungguh we nganggo acara keturon, bajilak!

Rasah sok mendem kebencian, engko ndak le ndudah angel tho.

Ojo terburu napsu, ndak cepet metu! Kringet e thooo maksudku, rasah mesum ngono kui pikirane wah jan.

Milih sing paling apik, mbasan wes milih jebul ketemu meneh sing luwih apik. Yo pancen sok ngono kui tho, selamat bingung lah pokoke :))

Saiki WC wes mundak drajate. Soale selain diisingi & diuyuhi, saiki WC juga do dinunuti dinggo foto2 barang.

Jika curiga adalah penyakit, brarti curigaan kui penyakitan. *eh

Pancen tekek ki konsisten tenan og, nek nyuoro ora mencla-mencle koyo kowe.

Batik-kan jg hatimu, supoyo rasa memiliki batik kui ora mung sebatas neng njero lemari.

Nek naksir tenanan, lan wes suwe bgt mbribik tp nganti saiki durung wani nembung, mending mulih wae terus maem nyuwun didulang Ibuk.

Pengen kenalan ning mung nitip salam terus lewat teman, pooo wiii... amatiraaan

Nek bribikanmu koyo gelem koyo ora, mending kowe riting njuk menggok. Mbangane nek neng kono terus ketemu dalan buntu.

Misale ono semut iseng penekan neng lambemu, mesti kepleset. Wong lambemu lunyu.

8 comments:

  1. quotenya keren banget gan walaupun ane gak ngerti nih bahasanya

    ReplyDelete
  2. Ades H Arifin @heluadesDecember 10, 2012 at 11:59 AM

    Sek WC kui nek nang sekolahan ws dadi losmen Tho...*17+

    ReplyDelete
  3. hahaha matur nuwun yg sudah komen, sering2 dolan kesini yo

    ReplyDelete
  4. Ades H Arifin @heluadesDecember 10, 2012 at 9:10 PM

    yo,tp sok nek aku dolan mrene neh di suguhi kopine Tho...

    ReplyDelete
  5. sip lanjutkan!!! request rayuan gentho seri 7 ne to tho.... mosok sek galau terus?? sesuai suasana hati po pie tho??? wkowkwokowk...

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahahaa siap, engko pasti tak posting tho Rayuan Gentho seri 7.

      Delete
  6. penggenthoudupengencukDecember 23, 2012 at 5:58 AM

    kuwi kuwi tho, le komentar do muni apik quote padahal ra ngerti bahasane jaan auramu ki aura bahasa sing ampuh ning kok iseh #tetepditolak

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...