Seksi Kui

nek wani nolak tanpo basa-basi. kakehan basa-basi malah mung sok marai tambah loro ati.

nek nduwe pacar ora kemlinthi, nek pegatan njuk semangat move on golek ganti, nek perlu ora mung siji. *eh

wani, wani ngakoni nek wes konangan ngapusi. Ora kok malah njlimet golek argumentasi. *uhuk

marang wong tuo gemati, ngabdi, lan ngormati.

meskipun nduwe pacar tetep karo konco ora lali. Guyub, seduluran tanpo tendensi.

ora isin tekon nek pancen ra ngerti, mbangane mung terus2an keblasuk ndongkol neng ati.

ora mung waton janji2, ning iso ngenehi bukti lan nglakoni.

nek dibribik ra jual mahal, engko nek ra payu2 ra urungo yo nggerus kesepian neng ati.

sembodo, nek wani dandan pamer bodi, yo ojo nesu no nek digodani. *uhuk

nek bribikan kandas rasah digawe mumet neng endas, golek liyane sing luwih kemranyas. *padakketehpanas

nek diselingkuhi ora wedi, wong yo kowe iso golek liyane sing luwih nyes neng ati.

ora cangkeman nek kancane durung rampung le skripsi :))

nek wudo ra nggo kalmbi. Hus! ha nek kui karo merem wes yo kabeh wes ngertiiii...

urusan mantan karo santai digawe lali. Wong yo mantan rung karuan iseh peduli.

nek aku njaluk dijajakne, kowe gelem mbayari :))

nek kiro2 bribikan mung marai senep neng ati, mending tinggal minggat ning tetep dipamiti.

rasah sok macak canggih nek pancen ra dong tekhnologi. Tuku gadget larang2 mung dinggo foto neng kamar mandi. *uhuk

nek berkreatifitas yo kudu nduwe ciri khas, ide ki kudu dioyak & digagas.

imgae: google

10 comments:

  1. Ades H Arifin @heluadesDecember 12, 2012 at 8:40 AM

    seksi kui bar moco langsung koment,ora mak sluthu tanpo klamit.
    OK mas genTho.

    ReplyDelete
  2. seksi kui sing irunge pesek tur kerep sisi :))

    ReplyDelete
  3. gentho gentho ancuk cerdas tnan kwe nek kon gawe ukoro sik sengak tapi lucu.,sip lanjutkan yo tho.,tak tnggu edisi selanjutnya
    @hendra_hiphop

    ReplyDelete
  4. Seksi kui nek kancane gawe skripsi ra dadi-dadi yo diwarai

    ReplyDelete
  5. Seksi kuwi nek disawang nggawe deg-degan ati....

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...