Obrolan Gagal (seri 4)

Aku pengen tobat dik | yo syukur mas nek ngono, apik kui | iyo, aku arep tobat ora ngingu koe meneh | woh kewanen koe mas! *sampluk

*malu2 kucing* jane opo to dik sing marai koe sayang karo aku? | yo soale aku penyayang binatang mas, dadi aku kudu konsisten | dik!

Bojoku kok omongane soyo atos yo tho | di presto wae Jo, ben lunak | padakne bandeng.

Mas, mbok aku ditumbaske minyak wangi | mbuang2 duit! arep minyak wangi merk opo wae ki tep kalah awu karo ambune ababmu | asshh mas

Mas, neng sekaten yuk | ojo dik, rawan bahaya | lho kok iso? | bahaya dinggo keselamatan isi dompetku dik | asshh pokil -_-

Kok smsku ra tok bales to dik?? | bagaimana mungkin aku membalas mas, membaca saja aku sulit | waduh -_-

Mas, kok ra ngejak aku malem minggon to? | alah, arep malem minggu opo ora ki koe ttp wae mung ngentek-ngentekne duitku! | wah #prek mas

Mas, tumbaske galundeng | yoh, piro dik? | sing penting sedeng nggo nguruk raimu mas, jeleh aku | woh -_-

Tho, golekne pacar | yoh, kriteriamu kepiye Jo? | wes pokoke sing penting ayu | oh yo, brarti mayit rapopo to? Kan sing penting ayu | hus!

Sebesar apa cintamu karo aku? | setinggi gunung, seluas samudera dik | pekok! aku tekon sebesar apa mas! dudu setinggi opo seluas! | -_-

Mas koe cinta ora karo aku? | jelas dik | tenane? | ha mbok sumpah | nek ngono garapke skripsiku! | sek yo dik *plencing minggat

Jarene pacarmu sarjana Jo? | jelas to yo | wah mesakne | kok iso? | ha sarjana kok raiso mbedakne ganteng karo elek | #prek tho

Kok sedih kenopo to dik? | aku lagi mikir mas | mikir opo? | mikir, alesan opo sing paling pas tak nggo megat koe | woh!!! *jiwit kelek e

Hawane sumuk banget yo mas | iki durung seberapa dik | maksudte? | iseh luweh sumuk pas tok kekep, njuk kesebul ababmu! | woh mas

Mas, aku mau digodani cah lanang2 neng prapatan | heh? ayo parani | rasah mas | lho piye to | aku seneng kok digodani, ganteng2 je | wah -_-

foto: google

5 comments:

  1. Replies
    1. ojo ombo2 lho ya, ndak ababmu ngewuh-ewuhi sebelahmu hahaha. nuwun tho.

      Delete
    2. ababku ora sepiro tinimbang kelek mu :P :))

      Delete
  2. mas gentho slalu bisa aja..
    Thanks wes gawe aku ngakak tho :)
    wkwkwk
    www.agilcahyap.blogspot.com

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...