Quote Gentho (seri 6)

Rasah kakehan iyik! Nek seneng ki yo gek ndang kenalan, dibribik njuk ditembung. Selak disaut wong liyo!

Ngrayakne tanggal jadian ki biasa. Nek wani mbok gawe perayaan tanggal pegatan, dadi sesasi pisan koe reuni karo mantanmu.

Pacarmu direbut wong liyo? Sukur!!! Salahe pacaran!

Nulis jenenge pacarmu neng bio twitter ki prilaku wagu, wes ngono juga mateni pasaran! Busak wae!

Sesungguhnya orang2 yg pegatan adalah orang yang beruntung, diselamatkan seko pakunjaran sing jenenge pacaran.

Tangi isuk kui apik, sehat. Tur nek tangi isuk mung mergo pacare, walah jan kurang gawean!

Percuma ganteng utowo ayu nek mung neng foto, opo meneh editan.

Pacar jaman saiki ki dinehi ati ngrogoh dompet.

Pacar mung 1 we dipamer-pamerne, ndeso! Nek pacarmu minimal 3 ngono lagi wangun nek arep pamer.

Selingkuh kui indah nek ora konangan, nek nyaris konangan kui jenenge tantangan, nek wes konangan brarti koe amatiran.

Pacarmu ki kalah loyal karo dhemit. Nek dhemit ki rasah dikon we sok nekani koe, lha nek pacarmu? ha mesti ndadak tok kongkon ndisik.

Sejatine, mata kuliah kantin sing SKS e paling okeh dijupuk karo poro mahasiswa.

Ra masalah rung lulus kuliah, idep2 ora kejebak sindrom pengangguran.

Bribik anake, ojo kleru mbribik Ibune.

Wah, sing do berkendara pecicilan neng ndalan iki mesti lg kangslupan wedhus balap! Dadi raiso mbedakne ndi sirkuit ndi jalan raya umum.

Nek koe ditolak, kui brarti untung, wong koe njuk iso golek meneh. Ha nek ditompo? rugi koe, wong mesti njuk pekewuh arep golek meneh.

Cinta tidak bisa dibeli. Tapi mempan nek diglembuki, ha podo waeee!

Ono sing update status "duh hujan, alamat basah nih". Ha kawit jaman batu ki nek udan yo teles, ngono kok gumun!

Mbok yo dadi uwong ki sing fleksibel, koyo tali BH kae lho. *eh

Mbribik ki ibarat ngimbu pelem. Nek telaten yo iso panen, tapi nek kurang gesit yo kedisikan disikat codot.

Dadi uwong kui kudu positip thinking. Misale koe arep selingkuh, yo kudu positip thinking bahwa ora bakal keconangan, ngono lho. *eh

Pacaran kok gandengan tangan! Opo kui? Malah koyo logo KB. Nek wani mbok gandengan sikil.

Wes ngerti BBM arep mundak kok malah ngingu pacar!

Ibarat pit, ojo dadi sedel, tur dadio stang. Kenopo? Lho lha yo koe lak mesti luwih seneng dicekel2 to mbangane dlungguhi? *eh

Jare sopo tangi awan rejekine dithothol pitik? Sejak kpn pitik nguntal rejekine uwong? Sing nguntal rejekine uwong ki koruptor, dudu pitik!

5 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...