Quote Gentho (seri 7)

Nek koe luwih percoyo pacarmu mbangane selingkuhanmu, brarti koe pekok! Ha ngopo ndadak selingkuh nek percoyo karo pacar! Mikir tho, mikiiir

Disangoni wong tuane, malah dinggo njajakne pacare.

Nek gelem jujur, mesti koe sok mbatin pengen megat pacarmu terus golek sing luwih joss, yo ra??? Ngaku wae!

Ngapel numpak mobil we gaya, ra gumun aku! Nek wani numpak setom!

Malem minggu identik dengan Kates. KATES yg dalam berarti kantong kempes.

Dumeh pacaran njuk pamer kemesraan! Asuog! Rumangsamu ndonya iki ki etalase po piye?

Dadi uwong kui kudu pinter manage wektu, kapan kudu karo pacar kapan kudu karo selingkuhan. *eh

Wani pacaran tp ra wani pegatan, opo kui? Wuuu amatir!

Iseh ono wae followers sing salah menafsirkan akun iki. Lha wong username ku we wes cetho ngono lho. Ra seneng gari unfollow rasah iyik.

Selingkuh ki ibarat nginjen wong adus. Nek sedilit marai penasaran, nek njuk suwe wedhi ndak selak keconangan. Nek ra konangan, ketagihan.

Sing marai dag dig dug kemecer ki mergo sensasi injan-injen kui je, ha nek njuk langsung dibukak byak yo malah biyasa waeee...

Seko cilik, bocah wes dibiasakne ngombe susu, mungkin ben sesuk nek wes gede ora kaget nek weruh the real of susu. *eh

Mbribiklah dengan sopan, ojo kok njuk pas pertama ketemu koe langsung nyawang dodo utowo dompet e! Wes ngono ra kedep2, wah ngisin-isinke!

Amrih apike, nek ono opo2 ki mbok yo dirembuk ndisik. Termasuk nek koe arep selingkuh, mbok yo taren ndisik, dirembuk ndisik karo pacarmu.

Selingkuh ki ibarat tabung gas. Nek kesimpen rapet yo aman2 wae iso masak enak, tp nek nganti bocor yo jls njeblug! Makane sing teliti *eh

Malem minggo karo pacare we pamer! Nek wani mbok ngejak pacare wong liyo :))

Arep elek e koyo ngopo, asal kui koe nggawe dewe, mesti uwong bakal luwih respek. Daripada koe dipuji tp dudu mergo jerih payahmu dewe.

Dadi wong ki ojo gumunan! Weruh cewek susune gede sithik,gumun. Weruh cowok dompete rodo kandel,gumun! Ngono kui ra apik nggo pencernaan *eh

Aku ki gumun, cah wedok2 nek do lungo kok sok nggembol tas gede2 kae gek isine opo yo? Ojo2 isine ki mantan & selingkuhan. :D

Piye mau le do UAN lak yo lancar2 wae to? Sing penting yakin iso lan ojo ke-PD-an, mergo PD kui artine Pekok Dewe.

Guru jaga ujian ki ibarat pacar. Nek koe konangan lirak-lirik nggone liyane, ha mesti koe digetak, diseneni.

Ojo GR sek nek ono lawan jenis mesem karo koe. Ojo2 ritsletingmu ki durung tok kancing & sing diesemi ki dudu koe, tapi sing neng ngisor.

Di ringroad, pengendara motor lak wes disediani dalan khusus. Lha iki kok ono sing repot2 golek dalan dewe lewat jalur roda 4 ki piye? pekok

Nek ono uwong sing wanine mung nyangkem neng mburimu, ngrasani, kui mesti ra wani dep-depan langsung karo koe mergo isin, abab e mambu.

Dahulukan kewajiban daripada hak. Ngabari pacar ndisik, bar kui lagi ngabari selingkuhan. *eh

Jika tangan kanan ngrempon, tangan kiri jangan sampai tau. *hus!!! *ngawurwae

6 comments:

  1. nunut mejeng neng pejwan yo tho.hahha :D

    ReplyDelete
  2. admin e gojekGentho mesti hobine selingkuh iki -__-

    ReplyDelete
  3. mesti hobine nginjen wong adus..

    ReplyDelete
  4. Gumunann Tho koe.. RT #Aku ki gumun, cah wedok2 nek do lungo kok sok nggembol tas gede2 kae gek isine opo yo? Ojo2 isine ki mantan & selingkuhan. :D

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...