Galau Gentho (seri 9)

Bejo bar nginjen pacare adus, bukane seneng tapi malah njuk girap2. Soale Bejo dadi ngonangi bahwa ternyata pacare kui juga lanang.

Sakjane aku ki naksir koe, sayange kelekmu akeh tumane.

Cinta ki ibarat cawet. Nek terlalu longgar marai nylempit, terlalu ketat marai ngringet. Dadi yo kudu pas, ben aman & nyaman.

Nek kimcil2 ngalor ngidul nggembol kamera DSLR kae jan-jane iso nganggo tenan opo ora yo? Ojo2 kui dikiro bandul kalung -_- 

Ibarat mobil sing lelungan adoh, kudu nduwe ban serep. Begitu juga dengan LDR :D  

Sungguh sliramu ki idolaku nomer satu, sayange koe nek njabuti wulu kelek ngango untu.

Wangimu tok sing yahud, tapi bodimu semrawut.  

Bejo wes seminggu ora sikatan, jarene arep ngedol gadul dumeh iki adalah era perdagangan bebas.  

Koe ki kulino nguntal isi salak po piye? kok cangkemmu atos.  

Konco palsu ki ibarat payudara silikonan, ketok apik tapi tetep wae kui dudu asline.

Milih pacar ki koyo milih kelopo. Nek bejo yo entuk sing nyanten, nek kurang bejo yo entuk sing kopyor.  

Bersamamu aku nyaman, cuma sayang bodimu dempulan.

Koe ki jan disawang pancen sedep, sayange jebul untumu landep.  

Aku nek kokehan nyawang koe kok malah mules, mesti bapakmu juragan lombok ki.

Selingkuh ki mirip2 koyo wong maen bal-balan, kudu lihai tipu2 ben ora disemprit wasit.

Tiwas kangelan golek link donlot sepep, eh pas didonlot malah koneksi internet e pedot. Rasane koyo nek mbribik tapi ditolak.

Bodimu pancen menggairahkan pol, tapi sayange koe iseh sok ngompol.

Pegatan ki ibarat kerokan, loro tp marai mari. Dadi rasah wedi pegatan, meskipun loro tp dadi mari leh mu edan mergo pacar.  

Tresnamu ibarat WC umum, ditongkrongi sopo wae langsung gelem.  

Saiki okeh pengendara motor/mobil sing terobsesi dadi pilot, ketoro nek menggok ora riting ndisik.
 

4 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...