Obrolan Gagal (seri 7)

Mas, aku pgn ngingu kucing | wah, wulune ngregeti dik | ha wong raimu ngregeti uripku we aku ra tau protes kok! urik koe mas! | dik

Tau ga mas bedanya km sm kucing? | apa dik? *mesem2 | kl kucing dr jauh matanya cemlorot, kl kamu gigimu mas | wah , tak kiro rayuan je

Wah, ideku nggo ngetwit lg mampet iki dik :( | kene tak kancani mas, ben lancar :) | justru raimu kui je sing marai ideku soyo mampet | woh

Koe jare pinter boso inggris Tho? | wo jelaaas | nek ndasku mumet, boso inggrise opo Tho? | send nut send nut | walaaah -_-

Biasa wae jo, rasah mecicil koe karo aku! | ora tho, tenan | maksudku untumu kui lho, ket mau mecicili aku! | wah iki gawan bayi je tho -_-

Awakku meriang je mas | ayo dik neng klinik | emoh mas | lha ngopo? | ndak aku njaluk disuntik, dokter e luwih ganteng mbangane koe je | woh

Jo, pacarmu anyar yo? | kok ngerti Tho? | lha kui untune we iseh segelan ngono kok | kui jenenge behel Tho -_- | oooh

Jo, pacarmu kok aneh to? | ngopo je? | ket mau kok sedakep wae, ra obah | oh kui lg nyonggo susune tho, ndak mlotrok | woh koe jo -_-

*di warung remang2* Cewek, boleh kenalan ga? | mmm, boleh | aku Bejo, kamu siapa? | aku gurumu jaman SD, masih inget ga? | wadyuuuh -_-

Mas golekne kosan sing bebas | wah sip kui dik, ben 24 jam aku bebas moro | ora, maksudku sing bebas ra mbayar | wah, kos neng alas wae dik!

*neng pemancingan* Tho, koe kok ket mau entuk iwak terus ki umpanmu nganggo opo je? | nganggo mantan Jo | woooh Tho -_-

Tho, nek koe diweruhi dhemit, koe arep kepiye? | tak kon nyurupi sing do pacaran neng semak2 Jo | waduh kok koe ki Tho -_-

Pacaran ki ra apik Jo | kok iso Tho? | nek pancen apik mesti wes disaranke ket cilik koyo pendidikan, lha iki lak ora | ha yo Tho -_-

Aku nek moco TL e mantan ki mesti langsung mumet! | cemburu yo koe? :D | ora, ketoke mataku minus e tambah iki | walah -_-

Mas, terke neng ketok magic | mobile sopo dik sing peyok? | dudu mobil mas, tp sing arep tak kenthengke ki raimu, ben rodo mendingan | woh!!

Kangen aku ra mas? | kangen no dik :) | kangen apane hayo? :D | kangen tanggamu sebelah kui lho, sing luwih ayu | woh *sampluk!

Jo, bapakne pacarmu juragan jeans po? | lha ngopo je tho? | ha kui untune pacarmu kok ono ritsleting e | kui behel tho -_-

image: google

5 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...