Quote Gentho (seri 12)

Rentenir kae gaweane ngutangi, ampuh banget yo? lha bendino nganggokne kutang dinggo uwong je, lak yo sueger kui.

Kenopo dijenengi pitik? yo soale mangan katul. Nek mangan konco yo jenenge pengkhianat

Nek naksir ki yo diomongke tho, ojo mung dibatin! Sing mbatin njuk metu suarane dewe ki mung neng film2, nek kasunyatan yo ora!  

Nek ono wong pacaran kok malah mung neng-nengan, mungkin tangan mereka yang sedang berbicara. *hus!!!

Alam semesta kudu dihargai tho, mulakno sing do nduwe kebiasaan ngising sak nggon2 ki mbok yo dilereni, minimal sangu kresek.  

Cinta kok dipaksakan, rumangsamu romusha po piye?!

Nek pas nesunan karo pacar, njuk ngeling-eling mantan. Yo ngono kui kaum pacaran ki, ra konsisten!  

Bocah nek pacare mung kui2 wae, jelas kui uwong sing ra paham makna regenerasi. *eh

Mbribik ki kudu peka tho. Nek kiro2 bribikanmu ngenehi sinyal lampu ijo, yo maju terus. Tapi nek lampu disko, wah aku dewe yo ra paham :)) 

Rumangsamu nek numpak motor ngebut pecicilan ki njuk cewek2 do kesengsem po piye?? Raaak!!!

Wah jan, koe ki tampang giant tapi hati nobita! Naksir kok ra wani nembung.

Sing ketoke trepes kui durung mesti cilik tho nek dicekel. Ra percoyo? demoken kui stop kontak, lak setrume gede :))  

Nek pacarmu akeh wulune, brarti napsune gede. Tapi yo nek wulune kakehan dicek ndisik tho, sopo ngerti jebul munyuk.

Nek arep wisuda ki kudu siap mental. Siap mental dadi pengangguran :))  

Sing mesti mempan dipelet ki mung lele.

Fungsi smartphone adalah: ben koe iso ngising karo browsing.  

Mosok nek ono sing jadian kok malah didongakne langgeng. Ha njuk tekan tuo mung kon pacaran terus po piye?  

Ojo wedi pegatan, pegatan adalah batu loncatan untuk mencari pasangan yg lebih baik. *eh

Wahai kaum wanita, koe kudu waspada nek pacarmu ngomong "aku pengen mimik susu coklat". Soale ambigu kui.  

Dibalik rok mini, terdapat taman mini. *hus!!! *ngawurwae!  
 

6 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...