Tips Gentho (seri 2)

Nek koe rumongso mrongos, ngepit nyebrang ndalan rasah ngeplang, gari mengo wae untumu wes mewakili ngeplang, ngirit tenogo.

Nek kelekmu gampang teles, ngempit kanebo wae. Efektif luwih nyerap mbangane tuka-tuku deodorant sing kasiate durung mesti ampuh

Golek pacar ki ojo sing manis, marai diabetes.  

Nek koe nduwe darah rendah, obate gampang. Ngingu pacar wae, engko lak njuk darah tinggi.

Ojo lelungan nganggo pakaian sing mini & seksi nek durung siap dipecicili.  

Ojo megat pacarmu neng njero angkot. Kurang bejane nek de'e ra trimo njuk koe dibengoki copet, ha digebuki wong sak angkot koe.  

Ojo megat pacarmu pas lg motoran/mobilan. Kurang bejane koe didunke ndalan, digabur koyo wong ilang.  

Ojo megat pacarmu neng njero kamar mandi, kurang gawean nyuk! Koyo raono nggon liyane wae, pekok!

Sesungguhnya ngetwit kui ora apik, nek karo nginjen tanggamu adus. Ndak salah ketik nyuk, fokus sek wae.  

Nek kenalan karo lawan jenis, yo ojo njuk tok cek koyo nek nyekel duit anyar. Dilihat, diraba, diterawang. Iso disampluk raimu!

Nek arep kenalan karo lawan jenis ki yo wulu irunge dilebokne sek tho, mosok pating crongot, ngganggu pandangan.  

Nek arep sok tau ki cukup ekspresi rai wae, cangkemmu rasah. Mbangane komentar tapi kleru, malah soyo ketok le bodo.

Ide cemerlang banyak terlahir di WC. Tapi yo ojo njuk mbribik gebetan neng njero WC tho!  

Jika pacar mulai dingin kepadamu, kempit neng kelek wae, ben anget meneh.

Salah satu metode mbribik sing kudu tok coba: gawenen gebetanmu sengit karo koe, sopo ngerti njuk dadi kemanthil-manthil.  

Saku celanamu dibredel wae, ben ono alesan supoyo engko ra nggowo dompet. Mbangane mung diporoti pacarmu.  

image: google

5 comments:

  1. Pancen koe ki kayane lulusan Pakem, tho!

    ReplyDelete
  2. leh mu posting rak ora neng WC to tho?

    ReplyDelete
  3. saya mau tanya mbribik itu apa sih sebenernya? Cpt bales tho saya enggak tahu

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...