Pacaran ala ngimbu pelem: dieman-eman nunggu mateng, eee ra ngertio malah dilimpe disikat codot.
Pacaran ala jangan wayu: wes ngerti mambu tep wae diuntal, engko nek wes mencret njuk lagi gelo.
Pacaran ala numpak becak: alon tapi pasti, neng tengah ndalan sangat iso nek arep ganti tempat tujuan.
Pacaran ala kopi: awale legi, ning lak yo njuk tetep wae endinge ono ampase.
Pacaran ala tas kresek: cangking rono-rene manut wae.
Pacaran ala ban njero: selama iseh iso ditambal, nggo ngopo tuku sing anyar.
Pacaran ala sunatan: ngampet kelaran, ning njuk seneng mergo entuk sumbangan.
Pacaran ala pengamen: asal sopan & ora yak-yakan, mestine yo bakal dinehi.
Pacaran ala wajan: fleksibel wae, iso nggo nggoreng iso nggo nggodog, nggo nyampluk maling yo keno.
Pacaran ala pedagang: ra ketang sithik2 ning mesti entuk bathi.
Pacaran ala browsing: nek dasare koneksi lelet, direfresh nganti modyar yo tetep wae mung mbegegek.
Pacaran ala bal-balan: nek maine biyayakan yo rawan pelanggaran, kecuali ahli nglimpe wasit.
Pacaran ala kasti: nek bal wes keno penthung, deg2an dimulai.
Pacaran ala pemerintah: seko tangi nganti arep turu meneh, isine mung kebak janji2.
image: google
nek pacaran ala kwe pie tho? lali...kowe jomblo yo *eh :D
ReplyDeletehahahaaa alahiyung
Deletebethul
Delete