Revolusi Gentho

Dalam hidup memang butuh revolusi. Sing iseh sok nganggo sempake kancane, mulai saiki mbok nduwe dewe raketang siji.

Nek pacarmu mung siji, yo monggo kowe arep revolusi opo ora. Pikiren dewe lah piye penake, sing do LDR kui terutama :))

Sing sithik2 macak mellow, asui kui raono gunane tho. Tak tukokne kempeng lho kowe nek do aleman. Mulai saiki kudu sigrak.

Sing neng twitter sok mengumbar kemesraan, mulai saiki direm ojo kebablasan. Engko nek wes pegatan ndak TLmu dadi wagu.

Sing iseh nulis jenenge pacare neng bio twitter, mulai saiki busaken. Kui merugikan, ngedunke pasaran.

Sing iseh sok berkreasi neng kamar mandi, sesuk meneh tuku sabun sing ora wangi. Ben kowe ora betah neng kamar mandi. *hus

Sing nek dipegat nangis merintih-rintih, sesuk meneh rasah ngono kui. Nek tanggamu krungu njuk kowe dikiro lagi nganu lak malah nganu to?

Sing durung wani ketemu camer e, mulakno dilereni le nonton sinetron. Camer ki ora kabeh medeni koyo sing kerep tok tonton.

Sing wes nduwe nomer HPne neng rung wani sms, ha yo dicoba. Paling pait lak yo mung ra dibales to? ngono we og muntir.

Sing nek padu karo pacare sok nganti bngak-bengok, sesuk meneh bisik2 wae. Dadi meskipun padu ki ttp mesra tho, elegan.

Sing senengane mung nyawang seko kadohan, durung wani kenalan. Ha yo gek kenalan, gratis we og ditunda-tunda tho!

Sing iseh sok mbolos sekolah, mbok berubah, rasah kakehan polah. Ibu Bapak le golek duit direwangi susah2.

Sing iseh sok ngompol nek ketemu mantan. Mindsetmu kudu dirubah, mantan kui dudu dhemit utowo setan.

Sing rumongso dijajah terus karo pacare, hayo kudu wani .

Sing nek foto lambene sok dimanyun2ke, mending mulai saiki bukaen sak ombo-ombone. Nanggung nek mung macak mecucu.

Sing wanine iseh mung koda kode wae, mulai saiki kudu wani ngomong nganggo lambe, ora kok mung ngango jempol terus.

Sing iseh sok ngumbar harapan palsu, mulai saiki ngumbar kelek wae, podo2 marai rugi ning lak ora nglarakne ati.

Sing skripsine durung rampung, kuliah e terkatung-katung, kapan jd sarjana masih nggantung. Wah asu iki nek tak teruske... ah

Ok tho, kui mau kurang luwih mengenai . Saiki gawe kopi sek, ndak edan!

image: google

2 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...