Quote Gentho (seri 21)

Isane mung ngece, ning raiso nggawe. Mental kering tempeee...

Dumeh bribikanmu tok traktir ayam presto terus ki yo ora njuk ateges atine gampang tok lunakke tho.

Nek do ngedit foto profil niat, nek kon ngedit skripsi kicat-kicat.

Ngopo2 kok over akting, rumangsane urip ki padakke casting.

Sejatine, kangen kui adalah napsu yg sedang menyamar. *eh

Nek kendaraan rusak, gampang golek bengkel servisan. Lha nek rusak le kekancan lak kangelan le golek servisan.

Soyo cedak kowe karo bribikan, soyo adoh kowe seko pendadaran. *hakdes

Iki wedoke mesti wegah digandeng, ning sing lanang mekso. Ketoro nek disawang malah koyo copet kecekel petugas keamanan.

Nek mbribik sinauo seko , alon2 tapi kecandak.

Sejatine, Jatuh Hati ki termasuk kecelakaan tunggal. *eh

Jaman saiki kok iseh ngarep dipacok-pacokke, nek pancen naksir mbok yo tandangi dewe. *hakdes

Ojo sedih mung mergo ora kepilih. Gek tangi, saiki wayahe kowe sing milih!

Sepandai-pandainya tupai melompat, tep raiso nglumpati pager untu.

"Pertengkaran adalah bumbu suatu hubungan", sejatine kui ki jargone uwong sing ora percoyo karo bawang uyah.

Ketika suatu hubungan mulai terasa berat, yo rasah nyedak2 timbangan. *eh

Ketika cinta berat di ongkos... wes tak kandani rasah nyedak2 timbangan og ngeyil!

Aku tetep neng kene ngenteni kowe, mergo aku yakin kowe ra mungkin PHP. *ngomongkaroWC *antrineee

Nek ora pengen mimpi buruk, yo makane ojo kekerepen ngilo. *eh :))

Nekat kui mungkin kadang perlu, sing penting tetep waspada & tanggung jawab.

Nek arep nemoni dosen ki cen sok marai buru-buru, ning nek nemoni bribikan biasane njuk do terburu napsu. *eh  

8 comments:

  1. Ades H Arifin @heluadesDecember 31, 2012 at 9:15 AM

    Waton muni waton nyoto watone ra kesampluk sek rumongso..*tingaktinguk

    ReplyDelete
  2. Ngathuraken Sugeng
    Warso 2013 kangge sedoyo Gentho sak donyo, Mugi-
    mugi Gusti tansah
    mberkahi lan njangkung
    gesang kito sedoyo.. Amien

    ReplyDelete
    Replies
    1. Amin amin amin, semanten ugi kulo ngaturaken Sugeng Enggal Warso kagem panjenengan, mugi2 tansah pinaringan sehat bagas waras.

      Delete
  3. Apik tho !
    Gaweo tweet tentang judul skripsi

    ReplyDelete
  4. neng WC sik tho golek ide
    tak tunggu tweetmu :3

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...