Luwih Penak Jomblo (seri 11)


"Kangen nih yank, tapi pulsa telpon abis", inti kalimat kui ki jane mung: "Tumbaske". Selain kui jelas mung basa-basi.

Pacaran: instal. Pegatan: uninstal. Balen: reinstal. Kui nek cinta ibarat program.

Nek cinta ibarat kringet, brarti sing do LDR kae wes dadi daki :))

Kadang pacar ki luwih medeni mbangane dhemit, selingkuh ora pamit. *auwooo

Nek pacaran ibarat ujian akhir, cepat atau lambat yo mung bakal ditumpuk pinggir. *auwooo

Pait kui nek duit wes mepet, pacar ngejak wedangan ning pesen e sak ceret.

Mungkin pacarmu cen ra tau lirak-lirik liyane. Ning lak kui matane, lha nek atine? kan iso wae. *auwooo

Percumah pacare renteng pete nek kabeh mung sebatas lewat HP. *auwooo

Galau Gentho (seri 17)


Ibarat situs internet, atimu ki wes tak bookmark. Tapi gandeng koneksi lelet yo tetep wae raiso tak bukak -_-

Dandanan nyentrik, ning gagal nyepik.

Iseh luwih kecut tok plengosi daripada mangan dondong sak kulite.

Dipegat kui cen ra enak, tapi iseh luwih ra enak dipegat lan ra nduwe serep. *eh

Pait kui nek wes dandan mbois jebul tetep ra digubris.

Ojo2 bribikanmu lengket kui mung mergo kepepet? *auwooo

Kui ki pacar opo dhemit? kok senengane ngejak mojok petengan neng ngisor uwit. *eh

Dumeh malem jumat, mesti njuk okeh sing ngarep engko nek turu diprimpeni mantan. *uhuk

Tips Gentho (seri 5)

Nek loro ati mergo jatuh cinta kui cen raiso ditambani nganggo P3K. Mulo yo rasah nganggo jatuh le.

Putus cinta og merana, malah koyo film drama. Kae lho, iseh akeh liyane sing luwih mempesona.

Mbok sekali2 nek dipegat ki percaya diri, ojo nek mung pas nembak tok. *eh

Mbribik ki butuh kesabaran koyo wong mancing, ning nek kiro2 kakehan ba bi bu ha yo mending gek nyaut jaring :))

Nek pacaran kui ibarat bis angkutan, ha yo ojo nganti kelebihan muatan, ndak ngglimpang neng tengah ndalan.

Nek ati kok mung tok injan-injen, kurang bejane kowe malah mung entuk beleken. Parani, gek tembungen!

Obrolan Gagal (seri 11)


Bawa obeng ga mbak? | ga tuh *ngarepdisepik | oh kirain bawa, soalnya di kaki mbak banyak sekrupnya | *mrengut *njukngampleng.

Jare bar mbojo Jo? lha kok njuk malah sedih? | kaco Tho | woh, lha ngopo? | lha kemesraanku terhalang behel je | weleeeh -_-

Nek aku ultah, kowe arep ngado opo mas? | mmm, lha kowe pengen opo dik? | nek aku pingine pegat piye? | yo yo dik.

Dik, kowe gelem ra dadi pacarku? | mmm piye yo? ono syarate mas | siap! opo? tak lakonane | nembungo sek karo pacarku | wah lha biangane -_-

Mas | opo dik? | nek mas ibarat TV... | *nyaut* kowe dadi opone dik? | suaramu mending tak mute, njuk kontras e tak tambahi | wah -_-

Jo, kowe mangan neng kono terus ki ra bosen po? | ora, soale iki ora sekedar mangan Tho | maksudte? | iki karo napak tilas mantan | wah -_-

Quote Gentho (seri 24)

Nek dalam suatu hubungan terlalu gampang terjadi Kekerasan, yo brarti cen napsuan. *eh *pikirendewe

Jenenge we layanan pesan singkat je, lha dibales singkat kok malah nesu. Wooo lha wagu!

Kecirit adalah fenomena yang terjadi neng panggonan sing njlarit.

Mbok yo ngomong wae nek pancen seneng, ojo kok wanine mung grenang-greneng. *hakdes

Rasah wedi pegatan, iseh akeh liyane sing siap ditakhlukkan.

Kae lho, menakhlukkan bribikan ki sinau seko pawang kewan. *eh

Aku ngerti nek kowe jane wegah, ning pokoke aku durung arep nyerah. Dicap ra nduwe isin ra masalaah! *wesyeh #gojekgentho

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...