Luwih Penak Jomblo (seri 3)

Disebut pacar kui lak nek lg bareng, ha nek ora yo koe mung dadi pajangan dompet, wes ngono nggone nylempit cerak bokong, aduh.

Pacarmu cinta karo koe ki mung 10%. Sisane, 20% pacarmu luwih cinta serial Korea & sing 70% cinta karo duitmu! :))

Pacaran: kepekso keju ngantri tiket bioskop dinggo pacare! Jomblo: ra masalah ngantri, wong yo arep nggo awake dewe, fair.

Pacaran: beresiko diselingkuhi, modyar! Jomblo: yo ra mungkin diselingkuhi lah, sing ono ki justru kene bebas ganti2 :))

Pacaran: rawan kopoken! mergo yo pacarmu lak mesti iyik wae, opo meneh nek lagi nesunan. Jomblo: ya sori lah yau, kuping waras!

Pacaran: mung masalah wektu nganti koe dipegat. Jomblo: mung masalah wektu nganti koe bosen gonta-ganti.

Pacarmu ki asline ra cinta karo koe, asline kui mung pengen nunut mangan gratis terus karo koe, ha mbok sumpah :))

Nek pacarmu ngundang koe sayang, rasah GR! Kui dudu ngundang koe tur ngundang duitmu!

Pacaran: bbm pending adalah awal dari keributan. Jomblo: pending karepmu ora karepmu! Ra ngurus!

Pacaran: urip ora tenang, dihantui & dirongrong rasa cemburu! Jomblo: cemburu? Panganan opo kui??? Asshh luweh :))

Nek koe gelem ngaku, mesti koe tau mbatin "Wah, kok ayu kancane ki mbangane pacarku, ngertio mbiyen mbribik kancane wae". :))

Pacarmu nggandeng koe ngalor ngidul, sok2 malah koe digeret-geret barang. Koe ki mung dipadakke ledek munyuk :))

Pacaran ki rawan mencret, mergo sok kepekso nuruti pacar mangan menu sing jane koe ra doyan. Wes ngono iseh kon mbayari.

Nek pacarmu seneng pit-pitan, wah iso2 kui engko nek ketemu koe hawane mung pengen numpaki, padakke pit :)) #penakJomblo

image: gojekGentho

17 comments:

  1. koe wangune dadi presiden kok tho! hahaha
    Presiden Gentho Jomblo :)

    ReplyDelete
  2. sakporree thoo.... assoolloolleee icciikk iccikk aahheemmm

    ReplyDelete
  3. Hahaha #penakjomblo tur ra selamanya jomblo kui penak tho , neg lagi pengen *ehm pie jal?

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahaha tergantung bagaimana anda menyikapinya :))

      Delete
  4. tapi ngakak e nganti kepeseng peseng neg moco blog karo tuit mu thoo , haha

    ReplyDelete
  5. Gw org lampung, sebenernya gk ngerti bahasanya..
    tp kok kyaknya lucu ya ni blog..

    ReplyDelete
    Replies
    1. hehe makasih mas. sering2 maen kesini nanti terbiasa & lama2 ngerti. salam untuk teman2 lampung, ajak maen kesini juga ya. & jangan lupa follow twitter @gojekGentho

      Delete
  6. sejatine jombLo ki gaweane gor tukang ngLoco,ho oh tow tho?hhhhhhhhh

    ReplyDelete
  7. Sak umpomo followersmu 2 juta koe mesti bakalan terkenal, tur iso nyenengke wong jowo , aku setuju karo koe Tho :))

    ReplyDelete
  8. gentho i marai aku ngekek...!nek nganti marai aku mlebu RSJ tanggung jawab lho Tho...!

    ReplyDelete
  9. joosshhh..thoo....
    ssk rasah nikah wae jomblo trus tp kawin truss... #woo..rusak
    AHAHHAHHAHAAAAA......

    ReplyDelete
  10. trs semangat & kreatif tho , sesok nek koe wes nduwe pacar/istri yo ojo lali karo Fans mu tho ..kwe ki salah satu pahlawan bagi kaum jomblo tho & sekaligus penghibur lara , pdhal menghibur 1 orang saja pahala ne akeh , tur koe iso menghibur 1.700 lebih menungso tho ..pikiren dewe

    ReplyDelete
    Replies
    1. hahaha nuwun suport e tho, joss! ojo lali kerep2 dolan rene :D

      Delete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...