Rayuan Gentho (seri 2)



Dadio bojoku, tak jak rekreasi neng lawang sewu, tak jak blonjo neng pasar baru, tak jak mangan nganggo jangan wayu.

Nek koe rumongso mrongos, kui iso tok nggo nyuk. "Berteduhlah dibawah gigiku."

Nek aku abang, koe ijone. Nek aku putih, koe ireng e. Nek aku ijo, koe butone!

Sanajan koe ora ayu, bodimu ora marai napsu, tapi aku tetep tresno. Tresno kepada traktiranmu :))  

Nek koe rumongso ababmu mambu, iso tok nggo kui. "Sanajan ababku mambu, tapi cintaku mewangi kepadamu."

Aku akan berjuang demi kamu, berjuang demi cintamu, dan demi warisan bapakmu.

Atimu kok jual mahal to, mbok yo didiskon ngono lho, syukur2 nek malah tok obral :D

Dadio bojoku, tak terke neng ndi wae, tak supiri meskipun adoh tujuane, tur yo kui kabeh ono itungan ongkose.

Aku akan menjadi semilir angin bagi gerahmu, menjadi lampu bagi gelapmu, & menjadi vakum cleaner bagi isi dompetmu.

Nek aku superman koe mesti tak jak mabur, nek koe sedih mesti tak hibur, nek duitmu entek tak tinggal kabur.

Dadio bojoku, malem minggon tak pethuk, tak jak dolan rono-rene plus tak jajakne, tur yo mulihe dewe -deweee.

Nek koe kringeten, tak lap-i. Nek koe nangis, tak usapi. Nek koe mutah-mutah, wah yo prek wae nek aku kon nadahi, ra sudi.

Ha mbok sumpah, aku bakal setia kepadamu sampai akhir hayat! Setia menyembunyikan selingkuhanku. *eh  

Tak tukokne susu ben koe ra kuru, tak kirimi lagu nek koe rindu, tak cekoki awu nek ababmu mambu!

foto: google

10 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...